| Aksara Arab | |||||||
| ﺍ | ﺏ | ﺕ | ﺙ | ﺝ | ﺡ | ﺥ | |
| ﺩ | ﺫ | ﺭ | ﺯ | ﺱ | ﺵ | ﺹ | |
| ﺽ | ﻁ | ﻅ | ﻉ | ﻍ | ﻑ | ﻕ | |
| ﻙ | ﻝ | ﻡ | ﻥ | هـ | ﻭ | ﻱ | |
| Pégon | |||||||
| ڎ | ڟ | ڮ | چ | ڠ | ۋ | ۑ | |
| Sajarah ·Transliterasi Sandhangan ·hamzahء Angka | |||||||
Aksara Pégon ikuaksara Arab utawa luwih pas yèn diarani:Aksara Jawi kang diowah-owah lan diréka-réka kanggo nulisakébasa Jawa. Tembung Pegon jaré asalé saka basa Jawapégo kang tegesé "ora lumrah". Amerga basa Jawa kang ditulis nganggo huruf Arab dianggep ora lumrah.
Béda karo huruf Jawi, kang ditulis gundhul, huruf pégon mèh mesthi diwènèhisandhanganswara. Yèn ora, ora diarani pégon manèh, nanging ya gundhul utawa Arab. Vokalitas ing Basa Jawa luwih akèh tinimbang basa Melayu, dadi sandhangan swara perlu tansah ditulis.
Nalikane ngulamak arab lumebu maring jawa, tulisan pegon digawé maknani al-quran lan hadis, Bab iki dilakoni saperlu nggampangake wong jowo mahami makna al-quran lan hadis. Semono uga mungguhe ngulamak arab kang lumebu ing Tanah Jawa, luweh nggampangke nulis aksara pegon tanpa belajar aksara jawa. Sak liyane ndek Tanah Jawa pegon uga kanggo ndek melayu, ndek kana pegon diarani aksara jawi. Kerana aksara jawi kui ditularake ngalim ngulamak jawa kang plesiran ndek melayu perlu nyebarke ajaran agama islam.
Ing ngisor iki pratélan huruf-huruf pegon dituduhaké. Huruf-huruf kang ora ana ing huruf Arab kang asli, diwèhi warna kuning.


Aksara Pégon ingTanah Jawa mligi digunakaké déning kalangan umatMuslim kang tangat, mligi déning para santri ingpasantren-pasantren. Lumrahé iki mung minangka nuliskomentar ingAl-Qur'an, ing uga akèh naskah-naskahmanuskrip carita (kandha) kang kabèh ditulis nganggo pégon. Upamane naskah-naskahSerat Yusup.