Patrick Victor Martindale White utawaPatrick White yaiku novelis, dramawanAustralia.[1][2]Lair anaLondon,Inggris, tanggal28Mèi1912.[1]Séda anaSydney,New South Wales,Australia, tanggal30September1990.[1]Dhèwèké éntuk pahargyanNobel Sastra taun1973.[1][2]
Dhèwèké sinau basa modern anaKing's College,Cambridge.[1]Dhèwèké nerbitake pakaryan, dolan, lan mèlu teater, saliyané nyambi anaRoyal Air Force nalikaPerang Donya 2.[1]Lebar1945, dhèwèké bali ingAustralia, nanging kala-kala uga anaInggris lanAmérika Sarékat.[1]
Happy Valley, novèl sepisanane taun1939, dicritakake ana New South Wales lan nudhuhake pengaruheD. H. Lawrence lanThomas Hardy.[1]Sabanjure, isi novèlé carita Australia, nanging olahane ora kebatesan sak nagara utawa sak jaman baé.[1]Dhèwèké mandheng Australia minangka nagara kang rikat ngrembakake dhiri, lan novèl-novèlé njajahi kemungkinan laku biadab ana manéka konteks.[1]Konsepsine ngenani Australia ana ingThe Tree of Man taun1955,Voss taun1957,Riders in the Chariot taun1961.The Solid Mandala taun1966, lanThe Twyborn Affair taun1979, yaiku produk individual, kritis, lan imajinasi puitik.[1]Gayane carita kebak mitos, simbol, lan alegori.[1]Pokok kang paling ditemeni yaiku rasa isolasi manungsa lan panggolekane ngenani sajatining urip.[1]