Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Pantun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki ditulis nganggobasa krama.
Pantun
Gambar deskripsi pantun sakingKoehler's Book of Medicinal Plants
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Plantae
Dhivisi:Angiospermae
Klas:Monocotyledoneae
Ordho:Poales
Famili:Poaceae
Génus:Oryza
Spesies
  • O. barthii
  • O. glaberrima
  • O. latifolia
  • O. longistaminata
  • O. punctata
  • O. rufipogon
  • O. sativa

Pantun (basa ngoko:pari) punika salah satunggalingtuwuhan budidaya wigatos kanggé nyekapi kabetahan pangan wujudwos amargi dados sumberkarbohidrat kanggé mayoritastiyang ing donya.

Saking sadayaserealia wonten ing donya, prodhuksi pantun punika urutan nomer tiga sasampunipunjagung langandum.

Prodhuksi lan perdhagangan pantun/wos ing donya

[besut |besut sumber]

Nagari ingkang ngasilaken pantun/wos kathah inggih punikaTiongkok (31% saking total prodhuksi ing donya),India (20%), lanIndonésia (9%). Nanging namung sapérangan alit prodhuksi pantun wonten ing donya ingkang dipundagangaken antar nagari.Thailand punika ngèkspor pantun ingkang kathah piyambak (26 % saking total pantun ingkang dipundangangaken ing donya). Sasampunipun Thailand inggih punikaVietnam (15%) lanAmérika Sarékat (11%). Indonésia punika nagari ingkang ngimpor pantun paling ageng ing donya (14% saking pantun ingkang dipundagangaken ing donya). Sasampunipun Indonésia inggih punikaBangladesh (4%) lanBrazil (3%).

Prodhusén pantun paling ageng — 2005
(yuta métrik ton)
 Tiongkok185
 Indhi129
 Indhonésia54
 Banggaladésa40
 Viètnam36
 Thai27
 Myanmar25
 Pakistan18
 Filipina15
 Brazil13
 Jepang11
Total Dunia700
Sumber:
Organisasi Pangan lan Pertanian (FAO)
[1]Archived 2006-06-19 at theWayback Machine.

Biologi pantun

[besut |besut sumber]

Ciri-ciri umum

[besut |besut sumber]

Pantun punika kalebet wonten ing sukupadi-padian (Graminae, sinonimGlumiflorae, sinonimPoaceae). Sapérangan cirisuku (familia) punika ugi dados ciri pantun, inggih punika:

  • oyotipun serabut
  • wangun godhongipun lanset (ciut lan panjang)
  • uratgodhong sajajar
  • gadhah pelepah godhong
  • kembang kasusun déning kembang majemuk kanthi kembang ékan wujud floret
  • floret kasusun wonten ing spikelet, mirunggan kanggé pantun satunggal spikelet namung gadhah satunggal floret.
  • woh lan wiji awrat dipunbèntenaken amargi wujud bulir (basa Inggris:Gain) utawi kariopsis.

Panyebaran lan adhaptasi

[besut |besut sumber]

Pantun kasebar kathah ing saindhenging donya lan gesang ing sadaya pérangan donya ingkang gadhah cekaptoya lan hawa ingkang cekapan angetipun. Pantun remen siti ingkang lembab lan bècèk. Miturut para ahli, pantun punikaévolusi saking tuwuhan moyang ingkang gesang ing rawa. Dhasar pamanggihipun inggih punika wontenipun jinis pantun ingkang gesang wonten ingrawa-rawa (saged kapanggih ing sapérangan panggènan ing puloKalimantan), kabetahan pantun ingkang kathah dhumateng toya ing sapérangan tahap gesangipun, lan wontenipun pembuluh mligi ing pérangan oyot pantun ingkang migunani kanggé ngalirakenoksigèn tumuju pérangan oyot.

Genetika lan pemuliaan pantun

[besut |besut sumber]

Setunggal sétgénom pantun wonten 12kromosom. Setunggalsèl pantun gadhah 12 pasang kromosom (kajawi sél sèksual) amargi pantun punika wujud tuwuhan diploid.

Pantun punika dados organisme modhèl wonten ing kajian genetika tuwuhan amargi kalih alasan, inggih punika kapentinganipun kanggé umat manungsa lan ukuran kromosom ingkang relatif alit inggih punika 1,6 – 2,3 x 108 pasangan basa (base pairs, bp) (Sumber:situs Gramene.org). Kanggé tetuwuhan modhél, genom pantun sampun dipun-sekuensing (sequenced), kados ugi genom manungsa. Hasil peruntutan genom pantun saged dipunpirsani wonten ingsitus NCBI.

Sekuensing genom pantun dados bahan baku wonten ing upados pamulèn tuwuhan pantun ingkang ngginakaken rekayasa genetika. Pamulèn pantun piyambak sampun sauntawis wekdal, limrahipun ngginakaken métodhe silsilah. Salah satunggaling tahap paling wigatos wonten ing pamulèn pantun inggih punika dipun-rilisipun kultivar ‘IR5’ lan ‘IR8’, ingkang dados pantun nomer satunggal ingkang umuripun cendhak nanging gadhah poténsi asil ingkang kathah. Punika dados wiwitanipunrévolusi ijem wonten ing budidaya pantun. Werni-warni kultivar pantun salajengipun limrahipun gadhah ‘darah’ kekalih kultivar perintis kalawau.

Wiwit pungkasan abad kalihdasa dipunkembangaken pantun hibrida, ingkang gadhah potensial asil langkung inggil. Amargi beaya ndamelipun ingkang ageng,kultivar jinis punika dipunsadé kanthi regi langkung awis tinimbang kultivar pantun ingkang dipunrakit mawi métodhe sanès.

Sanèsipun ndadosaken potènsi asil ingkang langkung saé, sasaran pamulèn pantun njangkep ugi tuwuhan ingkang langkung tahan sakingorganisme pengganggu tanaman (OPT) lan tekanan (stres) abiotik (umpaminipun: kawontenan garing, salinitas, lan siti masem). Pamulèn ingkang dipunarahaken ing paningkatan mutu sekul ugi dipunupados, umpaminipun kanthi ngrakit kultivar ingkang ngandhet karoten (provitamin A).

Variétas pantun

[besut |besut sumber]

Wonten kalihspésies pantun ingkang dados tuwuhan budidaya, inggih punikaOryza sativa lanOrysa glaberrima.Oryza sativa dipunkinten asalipun saking laladan hulu lèpèn ing sukunipunPagunungan Himalaya (India lanTibet/Tiongkok).Orysa glaberrima dipunkinten asalipun sakingAfrika Kilèn (huluLèpèn Niger).

Oryza sativa wonten kalih variétas, inggih punikaindica lanjaponica sinonimsinica. Variétasjaponica limrahipun umuripun panjang, postur inggil nanging gampil rebah, paleanipun gadhah “wulu” (basa Inggris:awn), wijinipun panjang. Variétasindica, sawangsulipun, umuripun langkung cendhak, postur langkung alit, paleanipun boten wonten wulunipun utawi namung cendhak kéwawon, lan wiji oval. Kekalihipun saged silih mbuahi, nanging perséntase kasilipun boten inggil/kathah. Conto ingkang misuwur saking asil persilangan punika kultivar IR8, ingkang dados seléksi saking persilangan variétasjaponica lan variétasindica. Sanèsipun kalih variétas punika, dipuntepangi ugi saklompok pantun ingkang gadhah sipat mèmper kaliyan variétas utami ing nginggil. Variétasjavanica namung kapanggih wonten ing puloJawi.

Ing lor Iran, ing Provinsi Gilan, akèh cultivars beras Indica kalebu Gerdeh, Hashemi, Hasani, lan Gharib wis dikembangke déning tani[1]

Reprodhuksi pantun

[besut |besut sumber]

Saben kembang pantun gadhah 6 kepala sari (anther) lan kepala putik (stigma) ingkang cawang 2 lan wangunipun kados sikat botol. Kekalih organ séksual punika limrahipun siyap reprodhuksi ing wekdal ingkang sami. Kepala sari kadhangkala medal saking palea lan lemma manawi sampun mateng.

Pantun punika tuwuhan ingkang penyerbukanipun piyambak dipunbantuangin langegremet, amargi 95% utawi langkung serbuk sari mbuahi sèl telur tuwuhan ingkang sami (satunggal uwit).

Sasampunipun pambuahan,zigot lan inti polar ingkang sampun dipunbuahi énggal kémawon nyigar dhiri. Zigot tambah ageng minangkaembrio lan inti polar dadosendospermia. Wonten ing pungkasan perkembangan, sapérangan ageng bulir pantun gadhahpathi ing pérangan endospermia. Kanggé tetuwuhan anèm, pathi migunani minangka cadhangan pangan. Tumraping manungsa, pathi dipunmupangataken minangka sumbergizi.

Sistem budidaya pantun

[besut |besut sumber]

Teknik budidaya pantun sampun kaloka manungsa éwon taun kepengker. Sapérangan sistem budidaya dipunterapaken dhumateng pantun, inggih punika:

  • Budidaya pantun sabin (basa Inggris:paddy utawipaddy field), dipunkinten kawiwitan saking laladan lembahLèpèn Yangtze ingTiongkok.
  • Budidaya pantun lahan garing, kaloka manungsa langkung rumiyin tinimbang budidaya pantun sabin.
  • Budhidaya pantun lahan rawa, dipunterapaken ing sapérangan panggènan ing puloKalimantan.
  • Budidaya gaga rancah utawi dipunsingkat gora, ingkang kaubah saking budidaya lahan garing. Sistem punika suksès dipunterapaken ingpulo Lombok, ingkang namung gadhah usum jawah singkat/cendhak.

Saben sistem budidaya mbetahaken kultivar ingkang adaptif kanggé sistem punika piyambak-piyambak. Golongan kultivar pantun ingkang cocog kanggé lahan garing kaloka kanthi sebutan pantun gaga.

Sacara ringkes, urutanipun tanem pantun inggih punika nyebar winih, tanem, pangopènan (kalebet njagi cacahing toya ingkang dipunbetahaken, matun, pangreksan tuwuhan, ugi maringi rabuk), lan panèn. Perkawis wigatos nanging boten kalebet ing urutanipun tanem pantun inggih punika pamilihan kultivar, pamrosèsanwiji lan panyimpenan wiji.

  • Winih pantun siyap dipuntanem ing sabin.
    Winih pantun siyap dipuntanem ing sabin.
  • Nanem pantun.
    Nanem pantun.
  • Sabin ingkang sampun rampung dipuntanemi pantun ing Dhusun Daratan, Sléman, Jogjakarta.
    Sabin ingkang sampun rampung dipuntanemi pantun ing Dhusun Daratan,Sléman,Jogjakarta.
  • Matun pantun ngagem kokrok.
    Matun pantun ngagem kokrok.
  • Pantun kematak, pantun ingkang sampun kembang lan wiwit dados uwoh.
    Pantun kematak, pantun ingkang sampun kembang lan wiwit dados uwoh.
  • Panen pantun.
    Panen pantun.

Pangolahan pantun

[besut |besut sumber]

Sasampunipun pantun dipunpanèn, bulir pantun utawigabah dipunpisahaken saking merang utawi damèn pantun. Pamisahan punika wonten 3 cara, inggih punika:

  • pantun dipun-gebugi ngagem kayu, manawi sampun kathah ingkang copot gabahipun dipunlajengaken kanthi ngiles merang ngagem suku (basa ngoko: sikil) supados boten wonten gabah malih ingkang taksih cemanthel wonten ing merang.
  • pantun dipunsabetaken wonten kayu ngantos sadaya gabah copot saking damèn.
  • pantun dipunlebetaken wonten mesin pamisah gabah.

Gabah ingkang sampun resik saking merang utawi damèn, dipunkempalaken lan dipunpépé ngantos garing supados awèt manawi dipunsimpen utawi gampil anggènipun ndheplok/nggiling dadosberas.

Priksani ugi

[besut |besut sumber]

Pranala njawi

[besut |besut sumber]
  • Pazuki, Arman & Sohani, Mehdi (2013)."Phenotypic evaluation of scutellum-derived calluses in 'Indica' rice cultivars"(PDF).Acta Agriculturae Slovenica.101 (2): 239–247.doi:10.2478/acas-2013-0020. Diarsip sakasing asli(PDF) ing February 3, 2014. Dibukak ingFebruary 2, 2014.
  • Pazuki, Arman & Sohani, Mehdi (2013)."Phenotypic evaluation of scutellum-derived calluses in 'Indica' rice cultivars"(PDF).Acta Agriculturae Slovenica.101 (2): 239–247.doi:10.2478/acas-2013-0020. Diarsip sakasing asli(PDF) ing February 3, 2014. Dibukak ingFebruary 2, 2014.

    Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniRice.
    Wikipedia
    Wikipedia
    Artikel punika,artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
    Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pantun&oldid=1719749"
    Kategori:
    Kategori ndhelik:

    [8]ページ先頭

    ©2009-2025 Movatter.jp