Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Pandan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pandan

Pandhan kang paling akèh urip ingpasisir iku jinisPandanus tectorius[1]. (tector iku duwé arti tutup, lan tectorius iku duwé arti kanggo kanggo pungkasan/payon)[1]. Saka familiaPandanaceae, spésies kang duwé variétas kan akèh banget[1]. Variétas kang urip alasan ingpasisir,sagara, lumrahé kang duwé oyot tunjang[1]. Oyoté iku urip kanthi lurus ngubengi pangkal bonggolé, saénggo dhapuré kerucut[1]. Kaanan kang kaya mangkono iku, mènèhi kesan, kang saumpamané wit pandan iku kabéh terangkat karo oyot-oyoté kang tunjang iku[1].

Jeneng Umum

[besut |besut sumber]
  1. Indonésia: Pandhan Wangi, Godhong pandhan[2]
  2. Inggris: Fragrant pandan[2].
  3. Malayu: Pandan rampeh[2].
  4. Vietnam: Dúa thom[2].
  5. Thailand: Cây cõm nếp, Bai toey, Bai toey hom[2].
  6. Pilipina: Pandan, Pandan mabango[2].
  7. Cina: Bān lán (Mandarin)[2].
  8. Jepang: Nioi tako no ki[2].

Klasifikasi

[besut |besut sumber]
  1. Karajan: Plantae (Tetuwuhan)[2].
  2. Subkingdom: Tracheobionta (Tetuwuhan mawa pambuluh)[2].
  3. Super Divisi: Spermatophyta (Tetuwuhan mawa wiji)[2].
  4. Divisi: Magnoliophyta (Tetuwuhan mawa kembang)[2].
  5. Kelas: Liliopsida (Tetuwuhan mawa wiji tunggal / monokotil)[2].
  6. Sub Kelas: Arecidae[2].
  7. Ordho: Pandanales[2].
  8. Famili: Pandanaceae[2].
  9. Genus: Pandanus[2].
  10. Spesies: Pandanus amaryllifolius Roxb[2].

Kerabaté

[besut |besut sumber]

Paédah

[besut |besut sumber]

Pandhan iku paling akèh urip ing laladanJawa, minangka alas kang sungker dijelajahi marang wong akèh, amarga uripé kang lebat iku[1]. Godhongé kang dawa-dawa iku ana ri/duri né[1]. Nanging, godhong pandhan iku akèh paédahé, kaya ta:

1. Kanggo gawé anyaman[1]

Tuwuhan Pandan

2. Wohé Pandhan[1]Wohé Woh majemuk lan wanguné bal/bal dawa[1]. Yèn wis mateng, iku wernané kuning semu abang jingga[1]. Dadi yèn wis mateng, bisa dipangan[1]. Tuwuhan iku kagolong golonganHalophyt BasaYunaniné (hals iku uyah, phyt iku saka tembung phuton ya iku tuwuhan)[1]. Dadi tuwuhan iku seneng utawa tuwuhan kang urip ing kaanan kang kadar uyahé ing lemah iku rada dhuwur[1].

3. Bisa kanggo bahan campuran[3]Pandhan uga bisa kanggo bahan campuranbubur, kaya ta buburkacangijo,buburketanireng,bubur pathi,bubur blowok.[3]Bubur kang dicampur godhong pandan rasané luwih énak lan ambuné luwih sedhep[3]. Pandhan lumrahé uga dadi rasasirup, tuladhanésirupcoco pandan utawasirup rasaklapa lan pandan[4]

4. Pandhan bisa kanggo masakan lan nggawé jajanan[4]. Jajanan kang nganggo campuran godhong pandhan lumrahé jajanan kanglegi.[4] Godhong pandhan gunané supaya jajanan duwé ganda wangi lan sedhep ambuné.[4] Tuladhanépudhing pandan,cake pandhan,bolu pandhan,kolak,buko pandhan,surabi pandhan,sifon pandhan.[4]

Kandhutan

[besut |besut sumber]

Kandhutan bahan Kimia[5]:

Godhong pandhan

[besut |besut sumber]

Godhong pandhan lumrahé kanggo masak. Godhong pandhan duwé wangi kang kas, apa manèh nalika dianggo nggawéjajanan lan ombénan.[2] Jaman mbiyèn pandhan kerep kanggo njagakaséhatan.[2]

Khasiat

[besut |besut sumber]

Pandhan ngandhutzatkimia kang migunani kanggoawak, tuladhanéalkaloid,saponin,flavoida,tanin lanpolifénol.[3] Godhong pandhan uga bisa dadiobatlelara.[3]

Asil Olahan

[besut |besut sumber]

Pandhan bisa kanggo campuran masakan lan nggawé jajanan.[4] Jajanan kang nganggo campuran godhong pandan lumrahé jajanan kanglegi.[4] Godhong pandhan gunané supaya jajanan duwé ganda wangi lan sedhep ambuné.[4] Tuladhanépudhing pandhan,cake pandhan,bolu pandhan,kolak,buko pandhan,surabi pandhan,sifon pandhan.[4]

Saliyané iku godhong pandhan uga bisa digawé kerajinan tangan.[4] Godhong pandhan dipépé ngantigaring.[4] Yèn wis garing utawa lemes godhong pandhan banjur dianyam.[4] Godhong pandhan dianyam banjur bisa digawétas,klasa utawatiker,caping utawatopi.[4] Nggawé kerajinan saka godhong pandhan kudu kreatif supaya bisa ngasilaké barang kang modél lan wernané apik.[4]

Supaya asilé luwih apik, godhong pandhan uga bisa diwernani supaya katon luwih apik lanvariasi wenané.[4]

Klasa pandhan uga bisa digawé tas lan bisa divariasi modél lan wernané.[5] Tas pandan iki payu didol nganti tekanbutikhotèl ingAmérikah Sarékat.[5]Variasi wernané lumrahé nganggo pewarna alami kaya ta godhong suji lansumba.[5]Godhong pandhan uga bisa digawé taslaptop,tas makarya,dompét,wadhah ''tissue'', nganticlutch kanggopista.[5]

Pandhan uga bisa kanggo bahan campuranbubur, kaya ta buburkacangijo, buburketanireng,bubur pathi,bubur blowok.[6] Bubur kang dicampur godhong pandan rasané luwih énak lan ambuné luwih sedhep.[6]

Pandhan lumrahé uga dadi rasa sirup, tuladhanésirupcoco pandan utawa sirup rasaklapa lan pandan.[4]

Cara Nganggo

[besut |besut sumber]

Godhong pandhan seger kang cacahé 2-5 lembar diiris-iris sacukupé banjur digodhog utawa diseduh, diombé[5]. Utawa godhongé ditumbuk/didheplok banjur diperes lan diombé[5]. Panggunakané ing jaba, godhong dikumbah resik banjur digiling alus[5]. Turapaké ing tatu utawa kulit sirah kang anaketombené[5].

Tuladhané Nganggo

[besut |besut sumber]

1.Lemah saraf[5]Godhong pandhan seger cacahé 3 lembar dikumbah banjur dikethok cilik-cilik[5]. Godhog kanthi 3 gelas banyu resik nganti sisa 2 gelas[5]. Bar iku adhem, disaring banjur diombé saben èsuk lan soré, saben 1 gelas[5].

2.Rematik lanpegellinu[5]a. Godhong pandhan seger cacahé 3 lembar dikumbah resik banjur diiris tipis-tipis[5].Seduh kanthi 1/2 cangkirlengaklapa kang wis dipanasaké sinambi diaduk rata[5]. Sawisé adhem, siyap kanggo nggosok pérangan awak kang krasa lara[5].b. Godhong pandhan seger cacahé 5 lembar lan godhongserai 20 lembar, dikumbah banjur digecek/ditumbuk kanthi alus[5]. Tambahnalenga kayu putih lanlenga gandapura saben 1sendok makan[5]. Aduk sinambi diremes kanthi rata. Ramuan iku kanggo nggosok lan ngurut pérangan awak kang krasa lara[5].

3. GelisahGodhong pandhan seger cacahé 2 lembar dikumbah banjur diiris tipis-tipis[5].Seduh karo sagelas banyu panas[5]. Sawisé adhem, disaring, langsung diombé[5]. Lakoni kaping 2-3 sadina, kanthi tenang[5].

4. Rambut rontok10 lembar godhong waru kang nom (isih seger), sagenggem godhong urang-aring, 5 lembar godhong mangkokan, 1 lembar godhong pandhan, 10 kuncup kembang melati, lan 1 kuncup kembang mawar, banjur dikumbah kanthi resik, banjur dikethok-kethok sacukupé[5]. Bahan-bahan iku dilebokaké ing sajeroning panci email, banjur tambahaké lenga wijen, lenga kelapa lan lenga kemiri (saben-saben 1/2 cangkir)[5]. Panasaké kanthi umup, sabanjuré iku, junjung[5]. Sawisé adhem terus disaring, siyap kanggo digunakaké[5]. Carané, olesaké campuranlenga mau ing sakabéhékulit sirah sinambi dipijet ènthèng[5]. Lakoni saben bengi sadurungé turu, esukérambut iku dikeramasi[5]. Lakoni kaping 2-3 kali seminggu[5].

5. Ngirengaké rambutGodhong pandhan wangi sakira-kirané 7 lembar dikumbah banjur dikethok-kethok[5]. Godhog karo 1 liter banyu kanthi warnané dadi ijo[5]. Embunaké banyu godhogan mau sawengi[5]. Esuké, campuraké godhogan banyu pandan mau karo banyu perasan 3 woh mengkudu mateng[5]. Banyu campuran mau banjur kanggo ngumbah rambut[5]. Lakoni kaping 3 saminggu, kanthi katon kasilé[5].

6. KetombeGodhong pandhan seger saora-orané 7 lembar dikumbah kanthi resik banjur digiling kanthi alus[5]. Tambahaké 1/2 cangkir banyu resik sinambi diremes rata[5]. Peres lan saring. Banyu peresan godhong pandan iku banjur diolesaké ing sakojurékulit sirah kang ana ketombéné[5]. Umbaraké kanthi garing, yèn perlu olesan dibalèni manèh[5]. Sakira-kira 1/2-1 jam manèh,rambut mau dibilas karo banyu resik[5]. Lakoni saben dinané kanthi mari[5].

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijklmnopqrsDrs. Soegianto. 1986. Kenalilah Flora Pasisir Kita. Decenta Bandung:Fa. Widjaya hal: 32
  2. abcdefghijklmnopqrstuvwxyzaa[1] (diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
  3. abcdefghijklhttp://resepmasakanindonesia.infoArchived 2011-07-02 at theWayback Machine.(diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
  4. abcdefghijklmnophttp://www.kerajinan-tangan.com/Archived 2011-05-14 at theWayback Machine.(diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
  5. abcdefghijklmnopqrstuvwxyzaaabacadaeafagahaiajakalamanaoapaqarasatauavawax[2]Archived 2011-08-24 at theWayback Machine. (diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
  6. abhttp://resepmasakanindonesia.infoArchived 2011-07-02 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)

[[Kategori

Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pandan&oldid=1658957"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp