Panda Gedhe (Hanzi: 貓熊;;pinyin: mao xiong),Ailuropoda melanoleuca ("Kaki-kucingireng-putih")utawi ingkang limrahipun dipunwastaniPanda.[1] Panda punika salah setunggalingmamalia ingkang limrahipun dipunklasifikasekaken wonten ing familibruwangUrsidae, ingkang dados kéwan asliTiongkok tengah.[1] Panda Gedhé manggèn wonten laladan pagunungan, kados taSichuan sahaTibet.[1] Nalika setengahabad ke-20 kang kapungkur, panda dadoslambang nagaraTiongkok.[1] Sapunika gambar panda ugi dipuncithak dadosgambar wonten ingdhuwitemasnagara punika.[1]
Panda miturut nama Chinanipun punika gadhah teges "kucing-bruwang," saha saged ugi dipunwaos bruwangkucing tanpa ngowahi teges.[1] Wonten ing laladan Barat, nama panda punika amargi panda mirib kaliyanPanda abang, ingkang kala rumiyin misuwur kanthi namaBeruang Belang (Ailuropus melanoleucus).[1]
Sanajan mituruttaksonomi Panda punika kagolongaken dadoskéwankarnivora nanging pandha mangan kados kéwanhèrbivor.[1] Ingkang dados pakananipun panda inggih punika tandur-tuwuhan kaya tapring.[1] Panda ugi saged dipunwastani kéwanomnivora (saged dipunwastani Karnivora, Omnivora, Hèrbivor), amargi panda ugi manganendhog langegremet.[1] Kekalihipun punika ngandhutprotéin kang diperlokaken panda.[1]Kuping panda obah-obah nalika panda lagi mangan.[1]Panda punika kalebet kéwan ingkang kaancam cures.[2] Panda punika gadhahlibido ingkang kedhik saéngga radi kirang anggénipun reprodhuksi.[2]