Pananggalan iki digawé amarga Pananggalan Julius digagas kurang akurat, amarga wiwitanmangsa semi (21 Maret) saya maju dadi, parayanPaskah sing wis disarujuki wiwitKonsili Nicea I ing taun325 ora tepat manèh.
Sawijiningtaun ing Pananggalan Julius suwéné ana 365,25 dina. Nanging amarga puteranbumi sing ngubengisrengéngé suwéné mung 365,2425 dina, mula saben sa-milenium, Kalèndher Julius kaluwihan 7-8 dina. Masalah iki dipecahaké carané nambahaké karo dina-dinawuntu sing rada séjé ing pananggalan anyar iki. Ing pananggalan Julius, saben taun sing bisa dibagi karo 4 daditaun wuntu. Nanging ing pananggalan anyar iki mung taun sing bisa dibagi karo100 dianggep taun wuntu, yèn taun iki uga bisa dibagi karo400. Contoné taun 1700, 1800 lan 1900 dudu taun-taun wuntu. Nanging taun 1600 lan 2000 iku taun wuntu.
Sawisé pananggalan Grégoriyus dicanangaké, ora kabèh nagara gelem nganggo. Lagi pirang abad sawisé iki, mèh kabèh nagara kulon gelem nganggo.Ruslan contoné lagi gelem nganggo ing taun1918. Dadi RevolusiKuminis Ruslan sing saiki dipèngeti saben7 November, diaraniRevolusi Oktober.