Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
PHP
PHP utawiHypertext Preprocessor inggih punikabasa skrip ingkang dipunseselaken dhatengHTML. PHP punika kathah kanggé mrogramsitus web ingkang dinamis. PHP punika ugi saged kanggé yasaCMS.
Purwakanipun PHP punika singkatan sakingPersonal Home Page (situs personal). PHP pisanan dipundamel déningRasmus Lerdorf nalika taun 1995[1] Nalika rumiyin PHP taksih kanthi namaForm Interpreted (FI) ingkang awujud kempalan skrip kanggé ngolah dataformulir sakingweb.
Salajengipun Rasmus ngriliskodhe sumber mau kanggé umum kanthi nama 'PHP/FI. Kanthi kodhe punika sumber dados kabikak satemah kathah pemogram (tiyang ingkang mrogram) ingkang tumut ngembangaken PHP.
Wonten ingNovember 1997, karilis PHP/FI 2.0. Wonten ing ngriki,interpreter PHP sampun dipun-implementasi dhateng program C. Wonten ugi modul-modul ekstensi ingkang ngginggilaken PHP/FI.
Nalika taun 1997, perusahaan kanthi namaZend punika ngrilis malihinterpreter PHP satemah dados langkung saé saha langkung rikat. Salajengipun wonten ingJuni 1998, perusahaan mau ngrilisinterpreter énggal kanggé PHP saha dipun-resmekaken minangka PHP 3.0. Kajawi punika singkatan PHP ugi wonten éwah-éwahan inggih punikaHypertext Preprocessing.
Ing madyaning taun 1999,Zend ngrilisinterpreter PHP énggal malih lan kawéntar dados PHP 4.0. PHP ingkang versi punika kalebet versi ingkang langkung kathah dipunagem wonten ing wiwitanabad 21. PHP versi 4.0 punika kathah kaginakaken amargi saking kemampuan yasaaplikasiweb ingkang kompleks nanging tetep rikat.
Boten cekap punika kemawon, wonten ingJuni 2004,Zend ngrilis PHP 5.0. Wonten ing versi punika, inti sakinginterpreter PHP gadhah éwah-éwahan ingkang ageng. Versi punika nglebetaken modelpemograman kanthi orientasi objek dhateng PHP kanggé njawab pangembanganbasa pemograman dhateng arah paradigma kanthi orientasi objek[1].