Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Pèpsi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Gambar Logo Pepsi

Pèpsi ya iku mèrek ombenan kan digawé déning PepsiCo lan didol menyang saben nagara mawa toko,restoran lan mesin dol otomatis. Ombenan iki digawé pisanan ing taun28Agustus1898 déning ahli farmasu Caleb Bradham. Merek iki uga dadi merek dagang ing tanggal16Juni1903. Ana warna-warna varian Pepsi, ya iku Diet Pepsi, Pepsi Max, Pepsi Samba, Pepsi Blue lan Pepsi Gold.

Sajarah Pepsi

[besut |besut sumber]

Pepsi-Cola, wiwitane duwé jeneng "Minuman Brad" (Brad's drink), digawé déning ahli farmasi Caleb Bradham ing New Bern, Carolina Utara,Amérikah Sarékat.[1] Rikala28Agustus1898, jeneng "Minuman Brad" diijolake dadi "Pepsi-Cola" jeneng iku banjur didhaftarake ing16Juni1903.[1] Bradham éntuk jeneng pepsi saka lelaradispepsia ya iku laraweteng, amarga rikala iku pepsi digawé kanggo nambani laraweteng.[1] Pepsi digawé saka banyu karbonat, gula, vanila, lenga pati, pepsin lan kola.[1]

Tahun1903, bisa ngedol 7,968 gelen sirap lan ing taun sabanjuré Pepsi didol ing botol enem auns lan saya laris nganti 19,848 gelen.[1] Ing taun1905 Pepsi ganti logo saka asline sing digawé ing taun1898 lan ing1906 logone digenti manèh.[1]

Sawisé17 taun wiwit kasuksesane, Caleb Bradham kudu kelangan Pepsi-Cola amarga kalah ing pasar saham.[1] Dhèwèké precaya regagula bakal munggah, nanging jebul sing kedadeyan malah sawalike mula dhèwèké ujuk-ujuk bangkrut.[1] Banjur njalari bangkrute Pepsi-Cola ing taun1923.[1]

Tahun1931, Pepsi Cola dituku déning Présidhèn Loft Candy, Charles G. Guth lan nindakaké pangiwahan ing formula pepsi mau.[1] Tahun1940, sajarah digawé mawa digawé jinggle iklan pisanan kang digiyaraké mawa nasional.[1] Jinggle lagu mau judhuléNickel Nickel digiyaraké kanggo Pepsi Cola lan bisa ngunggahake rega Pepsi Cola lan jumlah saham.Nickel Nickel dadi misuwur lan direkam ing55 basa.[1]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijklSejarah Pepsi ColaArchived 2011-05-31 at theWayback Machine. (dipunundhuh tanggal 6 November 2012)
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pèpsi&oldid=1659416"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp