Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Ophiuroidea

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Bintang ular
Kalamangsa:488.2–0 MaOrdovician sampaiHolocene
"Ophiodea" dariKunstformen der Natur olèhErnst Haeckel, 1904
Klasifikasi ngèlmiah
Dhomain:Eukarya
Karajan:Animalia
Filum:Echinodermata
Subfilum:Asterozoa
Klas:Ophiuroidea
Gray, 1840
Ordo

ME

Oegophiurida
Ophiurida

Phrynophiurida

Ophiuroidea utawiBintang ular punikakéwan saking filumEchinodermata ingkang gadhah gayutan kaliyanbintang laut. Kelompok Ophiuroidea asring dipunwastanibintang ular amargi gadhah lengen ingkang dawa lan gerakanipun kados obahingula[1]. Kéwan mau mlmapah ing dhasarsagara ngginakaken lengen fleksibel kanggé obah. Padatanipun bintang ular gadhah gangsal lengen ingkang awujud kadoscambuk ingkang dawanipun saged dumugi 60cm (2 kaki) ing spèsimèn paling ageng. Wonten kirang langkung 1.500 spèsimèn bintang ular ingkang wonten sapunika lan kathahipun kapanggih wonten ing jero langkung saking 500mèter (1.620 kaki).

Habitat lan sebaran

[besut |besut sumber]

Bintang ular saged mapan wonten ing ékosistemterumbu karang utawi saged ugi gesang kanthi bébas wonten ing dhasaring perairan lepas pasisir. Ing laladan ékosistemkéwan punika mapan dados habitat kados karang urip, karang mati, pecahan karang, lan laladan lamun. Biota punika gadhah sipat fotoaksis négatif ingkang padatanipun gesang kanthi ndelik wonten ing laladan sebaranipun[2].

Panganan

[besut |besut sumber]

Bintang ular punika kagolongaken karnivora ingkang mangan biota sanèsipun lan pemakan partikel-partikel alit (mikrofagus). kelompok kapisan inggih punika karnivora gadhah tangan ingkang wonten erinipun lan cendhèk, sikiltabung ingkang gadhah tugas mindahaken mangsa ingkang sampun dipuntangkep dhatengtutuk. Tuladha saking kelompok punika sakingsukuOphiomyxidae,Ophiodermatidae, lanOphiuridae. Kelompok kalih punika kelompok paling umum, ingkang anggènipun mendhetpanganan langsung mendhet partikel-pertikel alit saking subsrat(surface deposit feeder) utawi mendhet partikel-partikel saking massatoya ing sekitaripun. Wonten ing kelompok punika tangannipun langkung dawa kanthi kajangkan kaliyan eri-eri ingkang langkung dawa ugi. Kanggé mendhet partikel-partikel alit kejawi sikil tabung ugi dipunbantu déningmukus ingkang wonten ing sepanjang alur panganan ing sisih ventral saking tangan-tanganipun. Tuladha ingkang mlebet kelompok kalih inggih punika sukuOphiocomidae,Ophiactidae,Amphiuridae, lanOphiothricidae.

Daur Urip

[besut |besut sumber]

Ophiuroidae gadhah kelamin ingkang kapisah. Antawisipunkéwan ingkang lanang lan wadon piyambak-piyambak medalakem endhog lanspérma dhateng massatoya ing sakiwa tengenipun nalika mangsa mijah.Fertilisasi punika kadadosan wonten ingtoya sedara. Endog ingkang kabuahi banjur tuwuh dadoszigot, lajeng tuwuh dadoslarva ingkang dipunsebutophiopluteus. Larva ophiopluteus punika gesang kanthi bébas dadosplankton lan badhé nglampahi metamorfosa dadosjuvenile utawi biota enèm ingkang gadhah sipatbentomik. Dangu lan botenipun mangsa larva punika gumantung jinis, papan géografis lan kaanan lingkungan punika.

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. [1]Archived 2012-09-18 at theWayback Machine., Filum Echinodermata (dipun-akses tanggal 19 November 2012).
  2. [2][pranala mati permanèn], (id) Oseanografi (dipun-akses tanggal 10 Dhésèmber 2012).
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan:Ophiuroidea
Avertebrata
Vertebrata
Pisces (Agnatha  • Chondrichthyes  • Osteichthyes)  • Amphibia  • Reptilia  • Aves  • Mammalia
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ophiuroidea&oldid=1658830"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp