Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Opera

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bab kagunaan liya saka Opera, wacanenOpera (disambiguasi).

Opera yaiku jenengItalia kanggodrama kang diwujudaké musik (vokal, instrumental, lan kala-kala disartani jogèd utawa beksan), asipat kadonyan.[1]

Opera House kang misuwur ingParis

Opera ing Italia

[besut |besut sumber]

Florence

[besut |besut sumber]

Opera wiwit ngrembaka kang pisanan ingFlorence utawaItalia Lor.[2] Ing ngisor pimpinan ksatria kang jenengéGiovani Bardi, pangeran ingVernio (1534-1614).[2] Dené, dhèwèké ora arep nyiptakaké jinis musik anyar (opera), nanging mung kepéngin minangka dramaYunani kang muniné uga nggunakaké musik.[2] Asal-usul opera cukup prasaja (prasaja): drama Yunani kang pertalan Itali dideklamasikaké karo tembang solo vokal karo iringan pira-pira piranti musik.[2]

Venetia

[besut |besut sumber]

IngVenetia, ana komponis kang nyempurnakaké wujud musik iki, yaikuClaudio Monteverdi.[3] Monteverdi lair ing kuthaCremona (Italia Lor) kang misuwur kanthi kutha panggawépiyul.[3] Jasa Monteverdi yaiku dhèwèké usaha kanggo ngungkapaké makna ing jero musik.[4] Opera kang kapisan karangan Monteverdi duwé irah-irahanOrfeo taun1607.[4] Opera iki dipentasake kapisan ing Mantua ing dina tanggap warsané Fr. Gonzaga.[4]
Pietro Francesco Cavalli yaiku komponis opera saliyané Monteverdi.[5] Gayané rada dramatis, tuladhané ing operaII Giasone.[5]
Pietro (Marc) Antonio Cesti yaiku komponis liya ing Venetia.[5] Nyiptaaké musik kang luwih duwé sipatlyris.[5]

Ciri Khas Opera Venetia

[besut |besut sumber]

Opera gaya Venetia sugih ing resitatif lan accompagnato (liris utawa dramatis), arioso lan aris (kanthi iringan cembalo utawa orkes, ansambel).[5] Nanging, paduan swara lan balèt ora ana amarga babagan biaya.[5]
Liberatto utawa teks opera racaké dicétak lan didol kanggo diwaca saksuwéné opera karo lilin kanggo dilah.[5]

Roma

[besut |besut sumber]

IngRoma, ngrembaka siji gaya khas, yaikuOpera Rohani.[5]. séje iku, Roma uga dadi panggonanan lairéopera buffa utawa opera jenaka.[5]

Napoli

[besut |besut sumber]

Napoli ing akir abad-17 miwiti dadi pusat vokal, amarga ing kéné ana papat konservatori sarta sekolah-sekolah vokal swasta kang misuwur ingÉropah.[5]
Komponis-komponis kang misuwu saka Opera-Napoli racaké dipérang dadi 3 golongan:

Opera ing Prancis

[besut |besut sumber]
  • Ballet de Cour

Ballet de cour yaiku jogèd pura.[6] Jinis kagunan iki ditujokaké kanggo pujian marang sang Raja, awujud adegan-adegan kang ditarékaké utawa ditembangakè utawa disajekaké kanthi cara akrobat.[6]

  • Pastorale
  • Comédie-Ballet

lumebu ing jinis balet komedi.

  • Tragédie Lyrique (tragedi liris)
  • Opera-Balet

Pelopor opera-balet yaikuJean-Philippe Rameau (1683-1764).[6] Rameau ngarang 26 Opera, nanging musiké ora diterima kabéh pihak.[6]

Opera ing Inggris

[besut |besut sumber]

Ing wiwitan abad 17 ingInggris wis ana siji pelopor opera kang istilahéMasque.[6] Diarani kaya mangkono, sebab para peran migunakaké topeng(masque).[6] Masque ngalami mangsa jaya wektu pementasanThe Triumph of Peace kang naskahé dikarang dénéShirley.[6] Musiké ditulisWilliam Lawes lanSimon Ives.[6]

  1. Kodijat, Latifah. 1989.Istilah-istilah Musik.. Jakarta: Djambatan.
  2. abcdPrier, Karl-Edmund. 1993.Sajarah Musik Jilid 2. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. hal: 16
  3. abPrier, Karl-Edmund. 1993.Sajarah Musik Jilid 2. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. hal: 18
  4. abcPrier, Karl-Edmund. 1993.Sajarah Musik Jilid 2. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. hal: 19
  5. abcdefghijklmPrier, Karl-Edmund. 1993.Sajarah Musik Jilid 2. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. hal: 21-26
  6. abcdefghPrier, Karl-Edmund. 1993.Sajarah Musik Jilid 2. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. hal: 27-33
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Opera&oldid=1625090"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp