Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Oomycota

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Oomycetes
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Protista
Filum:Heterokontophyta
Klas:Oomycetes
Ordo
Lagenidiales
Leptomitales
Peronosporales
Pythiales
Rhipidiales
Saprolegniales

Sclerosporales

Oomycota ugi kawastananjamur air inggih punika salah satunggalingfilum sakingProtista ingkang mèmperjamur.[1]. NamaOomycota punika asalipun sakingtembungoo ingkang tegesipuntigan (endhog) kaliyan tembungmycota ingkang tegesipunjamur.[1] Pramila, Oomycota ugi dipuntepang kaliyan peparabfungi telur. Peparab kasebat ugi nedahaken tumrap cararéprodhuksi Oomycota mawi sèksual.[1] Tuladha saking filum Oomycota inggih punikajamur air (water mold), karat putih (white rust), kaliyanjamur wulu alus (downy mildew). Déné tuladha spesiesipun inggih punikaSaprolegnia.

Ciri-Ciri

[besut |besut sumber]
  1. Benang-benang hofa boten gadhah sekat ingkang malang(senositik), sanégga ing salebetipun saged kapanggih inti mawi gunggung ingkang kathah.[2]
  2. Dhindhing sèl kasusun saking selulosa.[2]
  3. Nindakaken réprodhuksi aseksual mawi mbenti zoospora ingkang nggadhaho flagela 2 kanggé nglangi ing salebetipun toya.[2]
  4. Nindakaken réprodhuksi mawi cara sèksual, inggih punika mbentukgamet(sel kelamin) sasampunipunfertilisasi bakal kawentuk zigot ingkang tuwuh dados oospora.[2]

Habitat

[besut |besut sumber]

Oomycota saged gesang ing toya utawi panggénan-panggénan anyep lan gadhah oospora minangka kasil saking spora.[1] Spora ingkang dikasilaken déningzigot ingkang dhindhinipun kandel punika gadhah kagunan minangka pangayom. Ing kaanan tartamtu, spora tuwuh dados hifa énggal.[1] Sapérangan jamur toya punika minangka pengurai ingkang gesang wonten ing kempalankapas.[1] Padatanipun, jamur punika pinanggih ing badan kéwan utawialga ingkang sampun mati, mliginipun ing toya tawar.[1] Oomycota punika pengurai ingkang wigati sanget ingékosistem toya]].[1] PadatanipunKarat putih kaliyanjamur wulu alus gesang ing siti minangka parasit ingtetuwuhan.[1]

Réprodhuksi

[besut |besut sumber]

Oomycota gadhah tegestelur jamur. Prekawis kasebat adhédhasar ing wujud réprodhuksi sèksual ing Oomycota.[3] Wujud sèl endhog langkung ageng tinimbangspermanipun. Dhindhing sèl Oomycota kasusun kaliyanselulosa.[3] Wonten ingsiklus gesangipun, mliginipun ing tahap réprodhuksi punika, Oomycota ngasilakenspora ingkang gadhahflagela.[3] Kathahipun anggota saking golongan Oomycota ngasilakenoogonia nalikanipun réprodhuksi.[3][4] Sawetawis réprodhuksi Oomycota sanèsipun mawi cara aseksual migunakakenzoospora.[3][4] Nalika prosès réprodhuksi punika, zoospora obah kanthi nglangi ingkang rikat. Prastawa punika kadadosan ing salebetipun toya.[3]

Klasifikasi

[besut |besut sumber]

Tuladha Oomycota inggih punikaPhytophthora,Saprolegnia, kaliyanPythium.[5]Phytophthora inggih punika jamur karat putih ingkang gesang mawisaprofit utawiparasit. Jamur ingkang gesang kanthi cara parasit punika, tuladhanipun ing krambil (klapa,P. palmifera), mbako(P. nicotin), lankenthang(P. infestans).[5]Saprolegnia gadhah miselium kaliyan hifa minangka piranti réprodhuksi. Jamur punika minangka saprofit ing kéwan toya ingkang sampun pejah.[5]

  • Saprolegnia sp, gesang mawi cara saprofit ing bathanggegremet ingkang pejang ing toya.[5]
  • Phytopthora infestan, parasit ing taneman kenthang.[5]
  • Phytopthora nicotinae, parasit taneman mbako.[5]
  • Phytopthora faberi, parasit ing taneman karèt.[5]
  • Pytium sp, parasit ing taneman ingkang nembé nyambah.[5]

Peran

[besut |besut sumber]

Oomycota punika gadhah peran kanthi ékonomi ugi ilmiah. Kathah anggptanipun ingkang dados patogen ing taneman ingkang mbebayani.[5]Phytophthora njalarilelaralayu bibit, hawar kenthang, lanbusuk akar.Pythium ugi maringi tandha-tandha lelara ingkang sami.[5]Peronospora lanPeronosclerospora inggih punika organisme ingkang njalari lelarabulai ing sawatawisserealia ingkang njalari karugian ngantos 100%.[5]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghiKarmana, Orman. 2007. Cerdas Belajar Biologi untuk Kelas X. Bandung: Grafindo (kaca 66-67)
  2. abcdProtista Mirip Jamur (dipunundhuh 8 Maret 2013)
  3. abcdefProtista mirip JamurArchived 2013-03-04 at theWayback Machine. (dipunundhuh 8 maret 2013)
  4. abOomycota(dipunundhuh 8 Maret 2013)
  5. abcdefghijkJamur Air OomycotaArchived 2013-03-07 at theWayback Machine.(dipunundhuh 8 Maret 2013)
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Oomycota&oldid=1658826"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp