Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Olahan Jerman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Makanan bergaya Jerman.

Masakan Jerman (Jerman:deutsche Küche) iku pawon utawa masakan saka nagara Jerman. Sanajan mangkono, masakan Jerman iku ndarbèni variasi akèh sajeroning tlatah ing wewengkon nagarané.[1][2] WewengkonBayern lanSwabia gadhah tradisi kulinèr ingkang sami kaliyan tangga ing kidul,Switserlan lanOstenrik.Babi,sapi lanunggas inggih punika daging utami ingkang dipunkonsumsiakén ing Jerman. antawis unggas,pitik inggih punika ingkang umum, manawibèbèk,angsa lankalkun ugi dipunmadhang.

Masakan Jerman gadhah kathah rupa asli sampun adhaptasi sami trèn keséhatan modèrèn lan citarasa kaumimigran.[1] Masakan Jerman dipuntepang ing produksusu,kèju,sosis (Wurst),kuwé-kuwé,pangsit sérta pintén-pintén jénis produk ombenanbir,anggur, ombenandistilasi kados taHacker-Pschorr lanLowenbrau (bir),Asbach Uralt (brandy),Joseph Freiderich (anggur), lanFuerst Metternich Sekt (sampanye).[1][2][3] Variasi masakan moderen Jerman (neue Küche) ugi dipunaruhi kaliyan masakan asing.[2] tiyang sakingTurki lanItalia ingkang dadosimigran, nambah raos lan rupa kuliner Jerman kaliyan masakan kas nagara.[2]

kathah jinis masakan Jerman dipunciptaken ing atusan taun lajeng kanggé nyegah bahan panganan ingkang sampun bosok.[3] tuladane inggih punikaSauerkraut, ingkang dipundamel saking kol ingkang dipunfermentasiaken.[3] kanggé ngawetakedaging, tiyang Jerman ngerendem ingcuka lanbumbon crakèn, kados taSauerbraten.[3]

Bahan

[besut |besut sumber]

Sayuran lan Buah-buahan

[besut |besut sumber]

pinten-pinten jinistanaman pangan dipunproduksi ing Jerman, antawishop (produsen ingkang ageng ing donya),tebu,barley,gandum,kenthang,oat, lanrye.[1]Kol lanwortel punika bahansayuran ingkang wigatos.[1]Buah-buahan ingkang dipanen musiman antawisapel,pir,currant,stroberi, lanraspberi.[1]

Daging

[besut |besut sumber]
Bratwurst dengan sauerkraut dan kenthang.

Salah satunggaling produk daging ingkang kathah dipunkasilaken déning Jerman inggih punika sosis.[4] wonten langkung sakingi 1500 jinis sosis saking sadaya Jerman ingkang kapérang saking jinissosis segar (Rohwurst),sosis rebus (Brühwurst),sosis masak (Kochwurst) lan ham.[4] dipunmangertosi ing taun 2002 tiyang Jerman kinten-kinten madhang 82,1 kg daging ing setaun.[5]

Wurst

[besut |besut sumber]

Wurst utawisosis kas Jerman, punika jinismakanan favorit warga Jerman ingkang sampun wonten ing jaman kino. saben laladan damel jinis Wurst kas kaliyan ngginakaken métodhe turun-temurun.[4] Jinis sosis ingkang kathah dipunmadhang antawisipunBratwurst kasNürnberg, Wurst ingkang dipundamel sakingdaging babi berbumbu,Rotwurst dariThüringen,Weisswurst sakingMünchen, sartaham kasBayern.[4] tiyang Jerman limrahipun madang Wurst kaliyanroti lan olesanmoster.[4] nanging sosis asalipun Frankfurt dipunsebat kanthi asmaFrankfurter, nanging ingAmérika Sarékat lan Jerman gadhah asmaWienerwurst (Sosis Wina) lan ingOstenrik piyambakipun gadhah asmaFrankfurter.[4] Jinis-jinis ingkang populèr antawisipun:

Nama sosisKeteranganAsalGambar
Bratwurstdipundamel saking daging babi cincang ingkang dibumbuiNürnberg
Weisswurst (sosis putih)dipundamel saking campuran daging sapi mudha, utek lan limpaBayern
Bauernwurst (sosis tani)dipundamel sakig daging sapi utawi babi kaliyan bumbu lan bumbon crakènFrankfurt
KnackwurstCampuran daging sapi, babi ingkang dicacah lan bawang putihFrankfurt
Leberwurst (sosis hati)dipundamel saking ati ingkang dibumbuiHesse
Rinderwurst (sosis daging sapi)dipundamel saking daging sapiWestfalen

Keju

[besut |besut sumber]

Rakyat Jerman ngasilaken kathah 150 jinis keju kados taLimburger,Munster, lanTilsiter ingkang dipunnamani ing laladan ingkang damel.[6] nanging makaten, keju Jerman kirang misuwur amargi sapérangan ageng niru keju-keju nagaraÉropa sanès.[6][7]

Kue

[besut |besut sumber]

tiyang Jerman gadhah kathahresep pembuatankuwé-kuwé tradhisional.[8][9] Tradisinipun punika sampun nikmati kuwé kaliyan ombenankopi utawi teh berabad-abad, nanging nembé ngantos 1800-an, tradisi punika ngerembag pesat saat gula mirah ingkang dipunproses sakingbit gula dipunsade ing peken.[8] saben laladan ing Jerman ngerembakaken resep kuwé kaliyan kombinasibumbon crakèn.[8] Kue-kuwé banyak disajikan saat hariNatal saat toko-toko kuwé dipenuhi dengan pinten-pinten jinis kuwé-kuwé enek lan apik.[8][9] Contohnya, wewengkonThüringen,Bremen, lanSachsen (Niedersachsen/Sachsen Bawah-Sachsen-Sachsen-Anhalt), memiliki kuwé "Dresdner Stollen" (bolu ingkang dipuntaburi gendhis), "Lebkuchen" (roti jahe), "Welfenspeise" (dessert rasa vanilla ingkang dipundamel saking anggur), lan ing sapérangan[1]

Aktivitas madang

[besut |besut sumber]
Sarapan kas Bayern
Cemilan sehabis sarapan kas Berlin

Sajianmasakan orang Jerman terbagi atas 2 sampai 7 pérangan.[1] Umumnya kapérang sakingpanganan pambuka utawi appetizer (Vorspeise),sup (Suppe),panganan utama (Hauptspeise) kaliyan satunggal utawi kalih lauk ingkang dipunsajiaken mentah utawi dipunmasak (Beilagen).[1]Makanan ringan sasampunipun madang utama dipunnamani Nachpeise.[1] Unjukanipun inggih punikabir,anggur, utawiSekt (jinis sampanye). Sanèsipun punika, tiyang enem utawi tuwa ugi remenRadler (bir ingkang dipuncampur kaliyan jus lemon utawi apel) utawiLimo (toya legi ingkang dipuncampur kaliyan sarilemon).[1]Tiyang Jerman limrahipun madang panganan utama ing wancimadang siyang kaliayn lauk daging sapi enem,daging babi,daging sapi, utawidaging ayam kaliyansayur-mayur kados tabit gula,wortel,kenthang,bawang lanlobak.[3]Sarapan limrahipun kapérang sakingroll lanselai kaliayanminumankopi utawisusu.[3] Makan ndalu limrahipun nyajikaken panganan ringan kados taroti,keju lansosis kaliyan unjukanbir utawianggur.[3] Anggur lan bir Jerman dipuntepang kualitas inggil.[3]Tiyang Jerman ugi remen ngunjukkopi saking mesin ndamel kopi otomatis lan nyajikakenTorte utawiKuchen (kuwé-kuwé).[1] Punika asring nyajikaken dateng tamu ingkang nembé rawuh.[1] Kopi Jerman gadhah kadar kafein ingkang langkung entheng dipunbandingakenkopi Ostenrik lankopi Italia.[1] Punika nyebutakenBluemchenkaffee ("kopi bunga alit") ingkang asalipun saking mangsa peperangan, ing wanci ngunjuk kopi dipun-gantos kaliyan unjukan akarchicory, ing pundhi gadhah sekar alit ingkang warni biru.[1]Kulawarga Jerman limrahipun nghabisaken wekdal sonten, utamnipun saking dintenMinggu kaliyan ngunjukkopi lan madangkuwé.[3] Tradisi punika dipunnamani kaliyanKaffeeundkuchen utawikopi lan kuwé.[10] Ing wekdal punika warga Jerman santai kaliyan ngendika supados tradisi punika dipunnamani ugiKaffeklatsch utawigosip kopi.[10] Jinis kuwé ingkang dipunsajikaken limrahipun inggih punika kuwé saking resep tradhisional kados taTeilchen utawiStückchen,Kaffestückchen (mignardise),Gebäckstückchen (petit-fours),Plunderstücke (puff pastry),Kalte Schnauze(cold snout),Kalter Hund(cold dog) lan sanèsipun.[10]

Masakan laladan

[besut |besut sumber]
Schwarzwälder Kirschtorte, kuwé Black Forest.

Masakan rakyat Jerman punika bervariasi dhedhasar tlatahipun, asil bumi, sarta citarasa warga Jerman énggal ingkang gesang ingreunifikasi.[1][2] Tlatah-tlatah kados taNordrhein Westfalen,Rheinland-Pfalz,Saarland lanBaden-Württemberg gadhah produk-produk kuliner ingkang dipunkasilaken saking tlatahBlack Forest lanLepen Rhein, sarta indhustri ombenan anggur ingkang kawetasan kaliyan nagaraBèlgi,Prancis lanSwitserlan.[2] Masakan-masakan ingkang misuwur saking tlatah punika tuladhanipunBadener Schneckensuepple (sup kentrl kaisi siput lan herba),Schwarzwalder Kirschtorte" (kuwé Black Forest), lanRheinischer Sauerbraten (sapi panggang ingkang dipunrebus kaliyan anggur).[2]

Bayern lan Hessen

[besut |besut sumber]
Leberkäse

LaladanBayern (Bavaria) lanHessen gadhah tradisi kuliner kaliyan produk-produkbir,daging lansusu, antawisipunSpannferkel (babi panggang enem),Handkaes (keju berbau kas ingkang kadamel saking krim asem) lanSchwaebische Kasespaetzle (pangsit ingkang dipunlapisi mentega lan keju).[1] LaladanFranconia ing Bavaria gadhah masakanLeberkäse (ham campuran daging babi cincang, daging sapi lan hati dingin),Knödel (pangsit utawi roti celup),Haxen (kaki babi utawi sapi mudha, limrahipun dipunmadang kaliyansauerkraut),Rostbratwürste (sosis jari alit),Leberknödel (pangsit hati ageng kaliyan kaldu bening) lanSchweinwurst mit Kraut (sosis babi kaliyansauerkraut).[2]

Baden-Württemberg

[besut |besut sumber]

Ing laladan kidul, sawatawisStuttgart, wonten masakanSchneckensuppe (masakan supsiput),Spätzle (pasta ingkang kadamel saking ndok),Maultaschen (ravioli ingkang dipuniisi kaliyan daging cincang,bayam lan utek sapi mudha).[2] Masakan ingkang populèr manawiGeschnetzeltes (potongan daging sapi mudha ing saus krim).[2] WargaStuttgart gadhah masakanGaisburger Marsch, sup rebusan daging sapi.[2] Masakan sanèsipun inggih punikaRostbraten, masakan daging sapi ingkang dipunsajikaken kaliyansauerkraut utawiLinsen mit Saiten, rebusanmiju-miju kaliyansosis.[2]

Sachsen lan Thüringen

[besut |besut sumber]
Quarkkeulchen

Sachsen lanThüringen ing laladan sisih wétan Jerman, masakan mliginipun kanggéLinsensuppe mit Thüringer Rotwurst (supmiju-miju kaliyan sosis kas Thuringia),Rinderzunge (lidah sapi mudha) kaliyan saus anggur.[2]Kartoffelsuppe (sup kenthang) inggih punika jinis favorit warga tlatah punika sami jinis masakan pambuka,Quarkkeulchen, ingkang dipundamel sakingdadih, kenthang rebus, tepung, gula lan kismis, lajeng dipunparingikayu legi lansaus apel.[2] Saben kutha ugi gadhah masakan kas, tuladhanipunLeipzig, gadhahLeipziger Allerlei, campuran wortel, buncis, asparagus, kembang kol, jamur,crayfish (jinislobster air tawar),buntut sapi, daging sapi mudha lanpangsit.[2]

Barat laut lan utara

[besut |besut sumber]
Rote Grütze

Kuliner laladan barat laut lan utara, inggih punika ing praja-prajaSchleswig-Holstein,Hamburg,Mecklenburg-Vorpommern,Brandenburg lanBerlin, kawatasan kaliyanLaut Baltik lanLaut Utara.[1] Kawasan punika dipuntepang gadhah kathah jinisbumbon crakèn lan dipunprabawai kuliner nagara-nagaraSkandinavia lanÉropa Wétan.[1] Masakan ingkang misuwur antawisipunRote Grütze (sup buah),Sauerfleisch (sup daging kaliyan gelatin ikan),Bulletten (bakso daging),Helgolander Krabbensalat (salad udangHelgoland), lanSoeier (ndok acar).[1]

Niedersachsen lan Schleswig-Holstein

[besut |besut sumber]
Rollmops

Mliginipun kanggé daearhNiedersachsen lanSchleswig-Holstein (Jerman barat laut), kaliyan produk lan asil lautipun gadhah masakan kas antawisipunAalsuppe, supbelut asem manis ingkang dipunparingibacon,sayuran, lan manawi dipunsajikaken kaliyanbuah pir,persik utawi buah sanès.[2]

  • Labskaus, inggih punika jinis masakan ingkang dipunremeni déning kaumpelaut,ingkang kadamel saking campurandaging babi,herring asin, lan daging sapi, kaliyan kenthang lanbit gula. Masakan punika dipunparingi tambahanndok goreng lanketimun minangka makanan sampingan.[2]
  • Bruntes Huhn, inggih punika daging sapi asin kaliyan potongan sayur-sayuran.[2]
  • Rollmops inggih punika jinis masakan ingkang kadamel saking herring acar ingkang dipungulung kaliyan krim asem.[2]
  • Finkenwerder Scholle, masakanikan plaice (ikan pipih) ingkang dipundahar mentah utawi dipunpanggang kaliyankeju.[2]

Berlin

[besut |besut sumber]
Erbsensuppe

Kuliner laladanBerlin kathah kawiwitan saking jamanPrussia antawisipun pinten-pinten jinissup anget kanggémangsa dingin inggih punikaKohlsuppe (sup kol) lanErbsensuppe (supkacang polong), lajeng wontenroti ireng, mliginipunpumpernickel sakingWestfalen.[2] Kanggedessert, tiyang Berlin gadhahKugelhupf, sejinisbolukopi, lanKäsekuchen,bolu keju. Nanging, masakan kas Berlin ingkang misuwur inggih punikaEisbein, masakanbalung kaki babi.[2]

Westfalen

[besut |besut sumber]

Kawasan Westfalen dipuntepang minangka produsenham, antawisipunSulperknochen,ingkang kadamel saking sikil, kuping, lan buntut babi ingkang di[unsajikaken kaliyan puddingkacang polong lan acar kol.[2]Jinis masakan sanès:

  • Tüttchen, daging cincang berbumbu ingkang kadamel saking utek sapi mudha.[2]
  • Pickert, inggih punika kuwékenthang legi kaliyankismis.[2]

Rheinland-Pfalz

[besut |besut sumber]
Sauerbraten

WewengkonRheinland-Pfalz gadhah jinis masakan ingkang bahan dasaripundaging, antawisipunSaumagen, perut babi ingkang kaisi kaliyan acar kol,Schweinepfeffer, daging babi cincang ingkang dipunbumbui pedes kaliyandarah babi,Hämchen, kaki babi kaliyanacarkol lankenthang,Sauerbraten, daging sapi ingkang dipunbumbui lancukaanggur.[2] MantanKanselirKonrad Adenauer ingkang asalipun saking Rheinland remen masakanReibekukchen,panekukkenthang kaliyansaus apel utawiblueberry.[2] Unjukan ingkang dipunremeni inggih punikaFederweisser, anggur ingkang énggal minangka dipunfermentasikaken.[2] Federweisser remen unjukan nyantap kuwé tar bawang.[2]

Jinis masakan sanès:

  • Hase im Topf inggih punika jinispâté (masakan daging cincang)kelinci.
  • Bratwurst,sosis babi.
  • Regensburger, sosis babi pedes.

Ombenan

[besut |besut sumber]

Bir

[besut |besut sumber]

Jerman mproduksibir (Bier) ingkang bervariasi lan kualitasipun bermutu.[2] Pinten-pinten laladan gadhah tradisi mproduksi bir kas, mliginipun prajaBayern ingkang gadhah pabrik bir (brauerei) tertua ing donya.[2] KawasanBerlin,Hamburg,Ruhr,Hesse, lanStuttgart ngasilaken jinis bir ingkang misuwur, inggih punikaPils.[2] Sawetara jinisAltbier dipunproduksi ing sadaya laladan Jerman. Bir Jerman baku inggih punikaVollbier ingkang gadhah 4%.[2] kandhutan alkohol, lan ingkang langkung keras inggih punika Export (5%) lan Bockbier (6%).[2]

Nama birKeteranganAsalGambar
DunkelbierBir gadhah warni gelap ingkang dipunkasilaken saking fermentasi langkung lamiNordrhein-Westfalen
DoppelbockBir gadhah warna gelap, kandunganipun alkohol 6%München,
KölschBir sakinghop lan warninipun kuning jernihKöln
RauchbierJinis bir ingkang gadhah raos beluk amargi prosèspengasapanBamberg
DampfbierBir berkarbornasi amargi dipunfermentasikaken ing suhu inggilBayreuth
HefeweizenBir saking gandum ingkang dipunparingi kaliyan perasan jeruklemonSeludaya Jerman
Berliner WeisseBir gandum ingkang dipunparingi sirupraspberi utawiwoodruffBerlin
AltbierBir berwarna coklat ingkang kadamel sakingbarley, populèr ingDüsseldorf lanFrankfurtWestfalen,Rheinland-Pfalz
StarkbierzeitBir keras ingkang dipununjuk ing wekdalgentong bir dipunbikak sasampunipun karaméanFastenzeit ing wula Maret. Punika bir Jerman ingkang gadhah kandhutan alkohol tertinggiMünchen
PilsnerBir ringan lan gadhah raos hopDortmund

Anggur

[besut |besut sumber]
Artikel baku:Anggur Jerman

Jerman punika produsenombenan anggur ngantos abad-abad, nanging énggal sapunika kapungkasanperang, mliginipun ing taun 1970-an, produksinipun mundhak pesat.[2] Ing wanci punika, Jerman gadhah kathah produsen alit ingkang mproduksi ombenan anggur ingkang berkualitas.[2] Anggur Jerman ingkang dipuntepang ing raosipun ingkang alami ingkang ringan lan keseimbangan antawis raps legi lan asem.[2] Sebagian kebun anggur dipunbudidayakaken ing kaki-kakibukit, mliginipun ing pinggiranSungai Rhine lanLepen Mosel sarta putra-putranipun saéngga nampisinar srengéngé ingkang dipunpantulaken ing toya lèpèn.[2] Anggur Jerman ingkang matang kaliyan lambat prabawa kaliyan raos ingkang segar lanasem ingkang unik.[2] Jerman mproduksi sakedhikanggur merah lan kathahanggur pethak lan rosé (abrit jambu) kaliyan raos ingkang asringtrocken ("pahit") utawihalbtrocken ("setengah pahit") ingkang tertera ing label, bènten kaliyandessert kaliyan bahan ndamelanipun saking ombenan anggur ingkang raosipun legi.[2]

  • Bir Pilsner
    Bir Pilsner
  • Anggur Kabinett
    Anggur Kabinett

Masakan Dinten Natal

[besut |besut sumber]

Wonten kathah sajian hidangan istimewa ingkang dipunmasak ingHari Natal ing Jerman, salah satunggalipun inggih punika angsa panggang (Weihnachtsgans).[11][12] Angsa punika ing salebeting dipunlebetaken campuran buahapel lanpersik kaliyanpangsitkenthang,kol abrit, lansaus anggur.[11][12] Sanèsipun punika, méjaprasmanan asring dipunsediakaken kaliyan pinten-pinten jinis sosis.[11] Jinis kuwé ingkang dipungemari inggih punikakuwé-kuwé panggang lanstollen.[11]

Oktoberfest

[besut |besut sumber]

Oktoberfest inggih punika festival minumbir ingkang ageng ing donya ingkang sampun ngerembag dadospista pangan lan ombèn kaliyan kathah pondhok jajanan, permainanmusik, lan pertunjukkankostum lan pawai.[13] Sewetawis 7 yuta liter bir dipununjuk ing wanci karaméan sepanjang 16 dinten.[13] Oktoberfest dipunwontenaken wiwit tanggal 16 utawi 17 September lan kapungkasan ing dinten Minggu kawiwitan ing wulan Oktober lan saben taun dipunkunjungi langkung saking 7 yutawisatawan.[13] Ing dhialèk lokal, Oktoberfest dipunnamani ugiWies'n.[13]

Lihat Uga

[besut |besut sumber]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijklmnopqrstEthnic Cuisine: Germany,sallybernstein. Diakses padha 7 November 2012.
  2. abcdefghijklmnopqrstuvwxyzaaabacadaeafagahaiajakalamanFood & DrinkArchived 2013-07-23 at theWayback Machine.,frommers. Dipunakses 7 November 2012.
  3. abcdefghiThe World Book Encyclopedia. World Book-G, Volume 8, Inc. 2006. kc. 150.ISBN 0-7166-0106-0.
  4. abcdefGuide to German Sausages & Meat ProductsArchived 2008-03-07 atArchive.is,foodfromgermany. Diakses padha 07 November 2012
  5. Agriculture and Food — Meat Consumption: Per capita[pranala mati permanèn],earthtrends.wri.org. Diakses padha 07 November 2012
  6. abGerman Cheese: Bierkaese, Cambazola and More,I Love Cheese. Diakses padha 07 Novèmber 2012.
  7. Harbutt, Juliet (2006).The World Encyclopedia of Cheese. Anness Publishing Ltd.ISBN 978-1-84309-960-4. Page 109-111.
  8. abcdTypes of German CookiesArchived 2017-09-23 at theWayback Machine.,ehow. Diakses 07 November 2012.
  9. abGuide to German Cookies, Cakes, Desserts and Confectioneries,germanfoods.org. Diakses 07 November 2012.
  10. abcBritish "tea" vs German "coffee-and-cake" SundaysArchived 2010-10-21 at theWayback Machine.,cafebabel.co.uk. Diakses padha 30 November 2010.
  11. abcdGerman Christmas, History, Traditions and FoodArchived 2010-12-05 at theWayback Machine.,inmamaskitchen. Dipunakses 30 November 2010.
  12. abTraditional German Christmas Foods & Drinks,everythingaboutgermany.com. Diakses padha 30 November 2010.
  13. abcdOktoberfest Introduction,globalgourmet. Dipunakses 30 November 2010.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniCuisine of Germany.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Olahan_Jerman&oldid=1732669"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp