Reine, Lofoten, dilihat dari pucuk Reinebringen (2025).
Lansekap Nurwègen lumrahé kasar lan akèh gunung, katutup déninggletser, lan pinggir pasisir dawané punjul 83.000 km[1] diwatesi déningfyord, lan uga pulo-pulo. Pérangan lor nagara iki uga kaloka minangka "Tanah Srengéngé Tengah Wengi" amarga pernahé kang dumunung ing sisih paling lor, lan saben mangsa panas srengéngé ora tau angslup, lan ing usum adhem srengéngé ora metu ing sajeroning wektu kang suwé. Nurwègen wewatesan karoSagara Lor ing sisih kidul-kulon lan pulo-puloSkagerrak ing sisih kidul,Sagara Nurwègen ing kulon, lanSagara Barents ing lor-wétan. Ing sisih wétan Nurwègen wewatesan karoSwèdhen, lan uga karoFinlan, lan uga karoRuslan. Titik paling dhuwur ing Nurwègen panggonan kang aranéGaldhøpiggen yaiku dhuwuré watara 2.469 m.Iklim Nurwègeniklim temperat, mligi ing laladan pasisir amarga prabawaGulf Stream. Iklim tanah pérangan jero luwih parah lan ing sisih lor luwih cedhak karoiklim subarktik.
Nurwègen iku nagaramonarki konstitusional lan migunakaké sistempamaréntahanparlementer. Parlemèné, Stortinget, duwé 169 anggota (sadurungé 165, tambah wiwit tangal12 September2005) kang dipilih kanggo mangsa kalungguhan 4 taun. Parlemèn iki kapérang loro sajeroning voting legislasi, Odelsting lan Lagting. Kejaba kanggo sawatara bab, Storting duwé fungsi minangka parlemènunikameral.