Nuh (Ibrani:נוֹחַ,Nūḥ;Tiberias:נֹחַ;Arab:) (kurang luwih 3993-3043 SM) inggih punika turunipunKanjeng Nabi Adam as. Dhèwèké diutus kanggo kaumBani Rasib sing tansah ingkar marangAllah lan nyembahbrahala-brahala. Nabi Nuh diutus kanggo dakwah marang kaumé kang wis kesasar adoh. Dhèwèké ngajak wong-wong mau bali menyang nyembah marang Gusti Allah lan ninggalake nyembah brahala.
Nabi Nuh a.s mulang marang umate supaya bisa ndeleng jagad raya kang diciptakake dening Allah arupalangit,bumi,srengenge,rembulan,awan,mbengi, lan kabeh kesugihan bumi arupatetuwuhan lanbanyu kang mili kang menehi nikmat urip kanggo manungsa. Kabeh iku minangka bukti lan tanda nyata menawa anane panguasa Allah kang murbeng dumadi kang kudu sinembah lan dudu brahala-brahala kang kaume gawe kanthi tangane dewe. Nanging, kaum Nabi Nuh a.s akeh akehe ora percaya apa kang dingendikake marang utusan Allah kang mulya iki. Ngendikané Gusti Allah Swt:
"Banjur padha anggorohake (Nuh), banjur Ingsun nylametake dhèwèké lan wong-wong kang bareng dhèwèké ing njero prau, lan Ingsun dadekake dhèwèké iku khalifah lan Ingsun klelepake wong-wong kang anggorohake ayat-ayat Ingsun. Mula waspadakna kepriye sakwise wong-wong kang padha diwenehi pangeling-eling iku."(QS Yunus:73).
Puluhan nganti atusan taun Nabi Nuh a.s dakwah, nanging akèh-akèhé umate tetep nyekutokake Allah Swt. Dhèwèké padha gumedhe lan wani marang Nabi Nuh amarga rumangsa nduwe drajad pangkat, bandha, lan kapinteran ngluwihi Nabi Nuh as. Minangka pamulang marang para manungsa sabanjure Allah banjur mudhunaké azab arupaBanjir kang dibarengiAngin lesus kang gedhe banget. Nalika iku kaumé Nabi Nuh akèh kang klelep kalebu putrané kang jenengéKana'an lan garwané Nabi Nuh.