Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Cipratan getih nuduhaké granulosit neutrofil, ing endi telu lobus nukleus bisa katon.
Neutrofil (Inggris:neutrophil, polymorphonuclear neutrophilic leukocyte, PMN) ya iku péranganingleukosit saka golongangranulosit. Bebarengan karo loro sèl granulosit liyané, ya ikueosinofil lanbasofil kang nduwégranula ingsitoplasma banjur diaranipolymorphonuclear amarga nduwé wujud inti sèl kang anèh. Granula neutrofil awernaabang radabiru kanthi inti sèl kang cacahè telu.
Neutrofil iku salah sawijiné jinis leukosit, mligi kang dhapuré granulosit kang isiné pewarnaanbutiran nétral, kantong-kantong cilikenzim kang mbantu sèl kanggo matèni lan nyernamikroorganisme sawisé dilek déningfagositosis.[1] Neutrofil mateng nduwé nukleus kang kapérang dadi ros-ros kang diaranisegmen utawapoli, déné neutrofil imatur nduwé nukleus kang dhapurépita kang diaraniband. Umuré neutrofil udakara 3 dina.[1] Neutrofil duwé sipat fagosit, wujud inti sèlé manéka warna kanthi wujud gagang, nglengkung, lan nyabang-nyabang.[2]
Perbandhingan leukosit saka neutrofil padatan nganti 50-60%.Sungsum balung normal wong diwasa bisa ngasilaké paling ora 100 miliar neutrofil ing wektu sadina lan bisa mundhak tikel sepuluh yèn kadadéaninflamasi akut. Sawisé ucul saka sungsum balung, neutrofil bakal ngalami enem prosès morfologis, ya ikumielocit, metamielocit, neutrofil non segmen (band), lan neutrofil segmen. Neutrofil segmen minangka sèlaktif kanthi kapasitas kebak kang ngandhutgranula sitoplasmik(primer atau azurofil, sékundhèr, utawa spesifik) lan inti sèl kang ana ronggané kaya ingkromatin. Sèl neutrofil kang rusak bakal dadinanah.
Panalitiyan anyar ngenani baktèri kang bisa nyerang kekebalan awak wis ngyakinaké para élmuwan bilih neutrofil kang akèh cacahé bisa nemtokaké apa sistem kekebalan awak bakal ngidinaké utawa nyegah infèksi baktèri.[3]
Neutrofil kang nggawé watara 60% saka kabèhleukosit, ya iku komponèn sèlulèr gedhé dhéwé saka sistem kekebalan awak manungsa. Miliaran ana ing jero awak manungsa. Padatan, neutrofil ncerna lan banjur mejahi baktèri ingkang mbebayani kanthi ngasilaké molekul kang ngandhut racun tumuju sèl, kalebu zat pemutih kados ta kang diaraniasem hipoklorit. Sawisé baktèri iki dipatèni, neutrofil ngrusak awaké dhéwé ing sawijining prosès kang diaraniapoptosis. Bukti paling anyar nuduhaké bilih prosès iki wigati banget kanggo nambani infèksi ing awak manungsa.[3]