Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Sèl Saraf

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih sakaNeuron)
Sèl Saraf

Sèl saraf utawaneuron yaiku pérangan paling cilik kang nyusunsistem sarafmanungsa kang ndarbèni sipat béda saka sèl-sèl awak liyané.[1] Kagunan saka sèl saraf yaiku ngirimaké pesen(impuls) kang wujud rangsang utawa tanggapan.[2]

Ciri-ciri

[besut |besut sumber]

Jaringan saraf kawangun saka sèl-sèl saraf (neuron) kang ndarbèni ciri kusus, yaiku ndarbèni ploloransitoplasma kang dawa.[1] Kajaba kasusun saka neuron, sèl saraf uga kasusun saka sèlneuroglia kang ana ingsistem saraf pusat.[1] Sèl saraf dumunung nyebar ing kabèh awak manungsa.[1] Ing jero siji sèl saraf, sitoplasmané ngandhutribosom,badan golgi,retikulum endoplasma, lanmitokondria.[1] Neuron éntuk sedhiyan panganan liwat sèl neuroglia kang ngubengi. Neuron kasusun sakaawak sèl,dendrit, lanakson.[1] Neuron ndarbèni wangun lan ukuran kang manéka warna. Miturut wanguné, neuron bisa dibédakaké dadi telu, yaiku neuron unipolar, bipolar, lan multipolar.[3] Inginvertebrata, awak sèl padatan ndarbèni ukuran cilik (dhiamèter < 0,1 mm) lan kandelé srabut saraf < 0,01 mm.[3]

Struktur

[besut |besut sumber]

Saben neuron kawangun saka siji awak sèl kang ing jeroné ana sitoplasma laninti sèl. Saka awak sèl metu rong jijis srabut saraf, yaikudendrit lanakson(neurit).[2] Kagunan awak sél yaiku dadi papan kanggo sintésis neurotransmitter, yaiku senyawa kimia kang wigati kanggo mbiyantupenjalaran impuls kang ngliwatisinaps.[3] Saka awak sèl katon sawatara brenjolan sitoplasmik tumuju njaba lan mbentuk struktur kang diarani dendrit lan akson.[3] Dendrit yaiku brenjolan sitoplasmik kang methungul saka awak sèl saraf, ukurané cendhak udakara 1 mm.[3] Gunggungé dendrit akèh lan nyabang. Kagunan saka dendrit yaiku nampa rangsang lan nggawa rangsang mau tumuju awal sèl.[3] Déné akson yaiku brenjolan sitoplasmik kang methungul uga saka awak sèl kang ndarbèni kagunan nerusaké rangsang tumuju bongkot akson.[3] Ukuran akson paling dawa kanthi bongkot nyabang banget. Akson ana kang digubetislubung meielin lan ana sing ora kagubet.[3]

Pérangan sistem kerja sèl saraf

[besut |besut sumber]
  1. Sèl reseptor: saraf kang nampa rangsang, padatan wujud pirantiindra.[1]
  2. Sèl efektor: sèl saraf kang nanggapi rangsang wujudotot lanklanjer.[1]
  3. Sèl saraf sensoris: srabut saraf kang nggawa rangsang tumujuutek.[1]
  4. Sèl saraf motorik: srabut saraf kang nggawa rangsang saka utek.[1]
  5. Sèl saraf konèktor: sèl saraf motorik utawa sèl saraf siji karo sèl saraf liyané.[1]

Cara kerja sèl saraf

[besut |besut sumber]

Rangsang kang ditampa déning sèl saraf résèptor banjur ditampa déning sel saraf sènsoris kanggo diterusaké tumuju utek.[1] Pawarta(informasi) kang wis tekan utek banjur diolah,diinterpretasi banjur mènèhi wangsulan marang pawarta kang ditampa mau.[1] Nalika mènèhi wangsulan kang wis ditampa, lakuné pawarta mau digawa saka utek tumuju sèl-sèl saraf motorik banjur kadadèn rèspon wujud obahé awak.[1] Ing obah rèflèks, impuls liwat dalan cendhak utawa dalan jujugan, Diwiwiti saka rèsèptor panampa rangsang, banjur diterusaké déning saraf sènsoris tumuju saraf pusat.[1] Rangsang mau ditampa déning sèl saraf panggandhèng (konèktor) tanpa diolah ing jero utek langsung dikirim tumuju saraf motorik kanggo dikirim menyang èfèktor, yaiku otot lan klanjer.[1] Tuladahané obah rèflèks yaiku nalikamripat kedhèp.[1]

Cathetan sikil

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijklmnopqSistem Kerja Sel Saraf(diundhuh 28 Dhésèmber 2012)
  2. abSistem SarafArchived 2013-04-13 at theWayback Machine.(diundhuh 30 Dhésèmber 2012)
  3. abcdefghNeuronArchived 2013-03-28 at theWayback Machine.(diundhuh 30 Dhésèmber 2012)
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sèl_Saraf&oldid=1660414"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp