Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
| Dikukuhaké | 1964 |
|---|---|
| Pernah | |
| Jinis | Sajarah Amérikah Sarékat |
| Situs jaringan | www.narahaku.go.jp |
National Museum of American History inggih punikamusiyum ingkang ngempalaken, nyimpen, saha mameraken tilas budayaAmérika ing babagan sosial, pulitik, budaya, sains, sarta militèr.Museum punika wonten ingNational Mall,Washington, D.C.,Amérikah Sarékat. Pengelolanipun inggih punikaInstitusi Smithsonian.
Sabibaripun dipunrenovasi antawis kalih taun kanthi béya AS$85 yuta, Museum Nasional Sajarah Amérika dibikak malih wiwit tanggal21November2008. Koleksi utamamusiyum inggih punikabendera The Star-Spangled Banner ingkang dados inspirasiFrancis Scott Key nalika nyerat puisi "The Star-Spangled Banner".
Wonten ing gedhongmusiyum kasimpen Pusat Arsip kanthi total ambanipun rak 3.700 m.[1]
Museum punika dipunresmikaken nalika taun1964 kanthi nama Museum Sajarah saha Teknologi (Museum of History and Technology).Museum mapan ing gedung ingkang minangka yasan pungkasan ingkang dipunrancang déning biro arsitèkMcKim Mead & White. Nalika taun1980,musiyum gantos nama dados Museum Nasional Sajarah Amérika (The National Museum of American History). Penggantosan nama punika kanthi pangajab supadosmusiyum langkung nedahaken ancasmusiyum wonten ing babagan pangolahan sarta nyinaoni objek ingkang nyimpen sajarah bangsaAmérika. Ing salebeting koleksimusiyum wonten sepatu ajaib (ruby slippers) ingkang dipunagem Dorothy (Judy Garland) wonten ing filemThe Wizard of Oz.
Museum dipuntutup antawis kalih taun wiwit tanggal 5September2006 saperlu nindakaken renovasi. Pemugaran dipuntindakaken déning biro arsitèkSkidmore, Owings and Merrill (SOM) sakingNew York sahaTurner Construction, minangka perancang gedung saha palaksana konstruksi. Gladri permanen kanggé benderaThe Star-Spangled Banner dipunrancang déning biro desain sakingNew York,Chermayeff & Geismar sesarengan kaliyan SOM.[2]
Museum dumunung ing gedung tigang lante. Saben sayapipun gadhah artefak wigati minangka tema utama. Wonten ing antawisipun koleksi utamamusiyum kapanggihlokomotif John Bull, teleskop damelan taun taun1865, Prastawa kafetaria Greensboro utawi méja kafetaria Greensboro,patungGeorge Washington, ambulansPalang Merah Amérika, saha wahana Dumbo Si Gajah Terbang]].