Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Musa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Musa
Musa
Musa
dalamhieroglif
<
F31S29S29
>

Musa (basa Arab:موسى,Mūsā;basa Ge'ez: ሙሴMusse) (lair ~1527 SM, séda ~1408 SM) ya ikunabi kang nyampekakeHukum Torèt lan nulisaké ingPentateveh/Pentateukh (Lima Kitab Torèt) ana ingAlkitab Ibrani utawiPrajanjèn Lawas ingAlkitabKristen. Musa uga kalebu saka 25nabi kang wajib diimani dening umatMuslim. Akeh ayat-ayatAl-Qur'an lanhadist kang nyritakaké sejarahé Musa.

Musa iku putranéAmram binKehat sakasukuLewi, anakYakub binIshak. Panjenengané diangkat dadi nabi kira-kira taun 1450 SM. Panjenengané diutusBani Israil (Israèl) metu saka Mesir. Asmané ingaran akèhé 873 ing 803 ayat ing 31 buku ingAlkitabPertalan Anyar[1] lan ana ping 136 ing Kuran. Musa patutan 2 cacahé (Gersom lanEliezer) lan séda ing Tanah Tih (Gunung Nebo).

Sejarahé

[besut |besut sumber]
Kaligrafi Kanjeng Nabi Musa as

MiturutAl-Qur'an, Musa lair nalikaPirngon nguwasaniMesir lan tumindak zalim (wengis) lan sewenang-wenang lan nggawe para kawulane dadi pecah. Pirngon nindhes kawulané lan mbelèh bocah lanang kang mentas lair, dene bocah wadon dinengke waé. Iki kabèh amarga dhèwèké percaya marang petungan ramal yen sawijining wektu bakal ana wong lanang kang nglengserake dhèwèké. Nalika Musa lair,Gusti Allah menehi ilham supaya diklentirake menyangBengawan Nil. Jebul bayi iku dijukuk dening para embane Pirngon lan digawa menyang kraton. Pungkasane, dhèwèké didadekake putra angkat dening garwane Pirngon.

Musa banjur dadi putra angkat ing kratone Pirngon. Sawise diwasa Musa eling menawa dhèwèké kalebu bagean saka bangsaBani Israil. Musa kepengin supaya ngluwarake Bani Israil sakabatur tukone Pirngon ing Mesir. Sawise Gusti Allah menehi ilham lanwahyu marang Musa ingLembah Tuwa, mula dhèwèké kanthi mantep lunga menyang keraton Mesir kanggo dakwahi Pirngon.

Musa nganggo teken ing astane , miniatur Persia abad kaping-15, disimpen ingMuseum Czartoryski

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. Alkitab, daftar kata
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Musa&oldid=1697266"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp