Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Moor

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Duta Besar Negeri Moor kanggé RatuElizabeth I saking Inggris
Belahan bumi utara nalika taun467 Masehi nedahaken karajan Moor sasampunipun dhawahipunkamaharajan Roma

Moor utawiBangsa Moor punika sebatan kanggé umatIslam lanmuslim saking jaman tengahan ingkang mapan wonten ingAl-Andalus (UjungIberian kalebetSpanyol lanPortugis ing jaman sapunika) ugiMaroko lanAfrika Barat[1]. Kabudayaan bangsa Moor punika dipunwastaniMoorish. Tembung punika ugi dipun-ginakaken ingÉropah kanggé nedahaken tiyang ingkang gadhah keturunan Arab utawi Afrika. NamaMoor asalipun sakingsuku kunaMaure lan KarajanMauritania.

Sajarah

[besut |besut sumber]

Bangsa Moor punika sebatan kanggé umatIslam ingUjung Iberia ingkang merintahSpanyol ing antawisipuntaun 711 M dumugi 1492[1]. Pemimpin Islam ingkang dumugiSpanyol kaping pisan punikaAbd al-Rahman. TiyangKristen ing Ujung Iberia wiwit ngginakaken istilahMoor kanthi ekslusif kanggé umat Islam. Moor punika satunggalingtembung ingkang merujuk dhateng tiyang ingkang asalipun saking Maroko. Amargi umat ISlam ingkang kapisan dugi ing Spanyol ing taun 711 punika tiyang Arab ingkang asalipun sakingAfrika Utara. Kajawi Moor, tembung kadosMoriscos,, lanMudejares ugi dipun-ginakaken kanggé sebatan bangsa Moor ing tengahanabad kaping 13[1].

Bangsa Moor mapan wonten ingAndalusia, Spanyol ingkang nalika periode wiwitansajarah kalebet wewengkonPortuga; lan kidulingPrancis. Ing Ramelan 732 M, umat Islam dipunkalahaken ingTours-Poitiers, Prancis ingkang kawéntar kanthi sebatanThe Pavement of the Martyrs utawi ingBasa Arab punikaBalaat asSyuhad ingkang ategestanah para syuhada. Akibat saking kalahing bala Moors saking wadyabalaKarel Martel (Charlemagne]] mau, kendali umat Islam ing wewengkonToulouse,Narbone,Lyon, lan wewengkon Prancis Kidul sanèsipun ical dumugi taun 975 M. Sasampunipun Prancis boten kasil dipunkuwasani, umat Islam ing Spanyol damel pusat kawigatosan dhatengAndalusia, Spanyol Kidul kanggé yasa sawijining peradaban[1].

Ing Spanyol, Bangsa Moor nikah kaliyan bangsa-bangsa sanès kalebet penduduk Spanyol-Muslim lan merintah kanthi wicaksana lan adil. TiyangKristen lanYahudi dipun-toleransi saéngga kathah saking kelompok mau ingkang gadhah kalungguhan wigati ing papréntahan, wonten ugi ingkang ndhèrèk agami Islam. Kajawi punika pikantuk ugi ngampahi pakaryanipun piyambak, nglayani bala, ngolah lemah, ugi prkatek ajaran piyambak-piyambak[1][2].

Bibliografi

[besut |besut sumber]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcde[1], (id) bangkit dan jatuhnya Bangsa Moor (dipun-akses tanggal 05 Januari 2013).
  2. [2][pranala mati permanèn], (id) Kebangkitan Bangsa Moor di Spanyol (dipun-akses tanggal 05 Januari 2013).
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Moor&oldid=1657907"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp