Massa wujud besaran skalar, déné kacepetan wujud besaran vektor.[2] Asil ping-pingan antara besaran skalar karo besaran vektor bakal ngasilaké besaran vektor.[2] Dadi, momèntum iku wujud besaran vektor.[2]
Padha karo ènèrgi, sajeroning kondhisi tinamtu, momèntum siji sistem bakal kekal (abadi) utawa ora owah.[2] Kanggo njlèntrèhaké bab iki dipigunakaké konsép Pusat Massa.[2]Umpamané yèn ana siji sistem sing dumadi saka sawatara barang kanthi massa obah kanthi kacepetan saben barang, mula kacepetan pusat massa sistem mau ya iku[2]:
Notasi minangka notasi sing nyatakaké résultan gaya sing ana ing sistem mau.[2] Yèn résultan gaya sing ana ing sistem ajiné nul (), mula sistem mau ora dicepetaké ().[2] Yèn sistem ora dicepetaké, tegesé sistem mau kacepetan pusat massa sistem konstan (). Dadi bisa disimpulaké yèn[2]:
Notasi ing dhuwur minangka notasi saka hukum kakekalan momėntum.[2] Dadi total momėntum siji sistem tansah kekal mung yèn résultan gaya sing ana ing sistem kaebut ajinė nul.[2]