
Kaos kakiNatal ya iku kaos kaki gedhé utawa kantong kain kang dhapuré kaos kaki kang digantung bocah-bocah yèn malem Natal.[1] Bocah-bocah ngarep-arepSinterklas bakal teka lan ngisi kaos kaki nganggodolanan, buah,dhuwit,logam, utawa bebungah-bebungah liyané.[1]Kaos kaki Natal uga dadi salah siji rerenggan Natal lan kerajinantangan kang populér.[1] Kaos kaki Natal ukurané gedhé lan digawé kanthi warna-warni kang ramé saéngga ora kena dianggo dadi kaos kaki sadina-dinané.[1] Kaos kaki natal uga kerep ditulisi jeneng wong kang dadi kluargané, ancasé supaya Sinterklas ora salah ndéléhaké bebungah.[1]Jaman dhisik, bocah-bocah nyénthélakéstoking utawa kaos kaki gedhé ing ndhuwur perapian supaya gampang didelok sinterklas kang mudhung saka crobong beluk.[1] Ing omah-omah jaman saiki ora nduwé perapian, mulané kaos kaki natal diséléhaké ing endi baé.[1]
Ing carita-carita Natal, Sinterklas nyéléhaké bebungah natal kanggo bocah-boch ing njero kaos kaki Natal.[1] Miturut carita ingkabudayan barat, bocah kang kelakoané élék bakal mung nampabatu bara lan ora éntuk bebungah.[1]
Nalikaabad16, bocah-bocah ingWalanda duwé tradhisi nyéléhaké kelompen kang isinédami ing ngarep prapian. Dami iki duwé gambaran dadi pakanan rusa kutub utawa keledai kang bisa nggawe kawigatén kréta sinterklas kang digérét karo rusa utawakidang.[2]Ing cedhaké perapian, bocah-bocah uga nyiapakékue utawa jajan kang Sinterklas.[2]Kue iki dadi tandha maturnuwun nalika bocah-bocah wis diwénéhi hadia sinterklas.[2] Sabanjuré kelompen diganti karo kaos kaki.[2]
| Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké. |