| Artikel iki macakaksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggoaksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacanaPitulung:Aksara Jawa. |
Moho | |
| Panggonan asal | Indonésia |
|---|---|
| Tlatah utawa praja | Jawa |
| Woworan pokok | glepungberas |
Moho iku jènisingpanganan kang digawé saka glepungberas. Moho iku panganan khas ing tlatah Jawa mligi ingKabupatèn Blora lan saubengé. Panganan iki uga tinemu ing tlatahKabupatèn Cirebon. Wujud panganan moho racaké bunder awarna putih lan pérangan dhuwuré mekrok mèmper wujud kuwéapem cingkir.
Moho iku panganan sing asale saka suku Hokkian ing kutha Sala, nggabungake kabudayan China lan Jawa. Jeneng moho ing basa Mandarin yaiku hwat kwee. Kira-kira 1960, daerah Sudiroprajan dadi pemasok utama moho kanggo kabeh bakul jajanan ing pasar tradisional kutha Sala. Ing salah siji sumber literasi[1] nyebutake menawa moho iki asli saka Sala. Panggonan produksi moho sing isih nggawe moho ana ing Keprabon, Banjarsari. Rupa lan bentuk moho iku mirip bolu kukus, nanging rasane mirip bakpao.
Tekan saiki Moho dadi panganan kang ajeg disuguhake dadi sesajèn ing klentèng nalika dina Imlèk. Moho dadi simbul rejeki agung.
Miturut kapercayaan Tionghoa, ana pantangan sing kudu dilakoni pas nggawe moho, kaya ta wong wadon sing lagi haid ora oleh melu nggawe amarga dianggep lagi ora resik. Pas nggawe moho, wong-wong sing nggawe uga ora oleh muni èlèk, lan atine kudu bungah. Menawa pantangan mau dilanggar, mohone ora bisa mekrok[2].