Modem iku piranti kasarkomputer, saka tembungMOdulatorDEModulator.Modulator iku dhéwé piranti kang bisa ngubahsinyal informasi dadi sinyal kang nganteraké (carrier) lan bisa langsung dikirimaké, nangingDemodulator iku péranganing piranti kang bisa misahakésinyal informasi (kang isiné data utawa seratan) saking sinyal kang nggawa pawarta sakingsinyal iku, mula data iku mau bisa diterima kanthi apik.Modem iku gabungan saka sakloroné, bisa diomong modem iku pirantikomunikasi.Pirantikomunikasi kang dinggo saka panggonan kang béda, lumrahé nganggo pérangan kang karan "modem",kaya ta VSAT,Microwave Radio, lan sakpanunggalané, nanging lumrahé jeneng uatawa sebutan kanggomodem iku luwih kondhang karo jenengPiranti Kasar kang sok minangkakomunikasi kang disambungaké ningkomputer.
Data sakingkomputer kang wujudésinyal digital diwenehaké maring modem kanggo diowah manèh dadisinyal analog, nalika modem narima data (yaiku kang awujudsinyal analog)saking njaba, modem ngubah dadi sinyal manèh.Supaya bisa diwaca ningkomputer. Sinyal analog mau bisa dikirimaké maring médhiatelekomunikasi tartemtu, kaya tatelepon lanradio.Sawisé data kang wujudé sinyal iku tekan ning modem, sinyal mau diowah dadi sinyaldigital manèh lan dikirimaké maringkomputer. Manawa dideleng saka wujudé, modem iku ana loro jinisé, yaikumodem eksternal lanmodem internal.
Modem analog yaiku modem kang gunané nggawé sinyal analog dadi sinyaldigital
Modem ADSL, Modem tèknologi ADSL (Asymetric Digital Subscribe Line) ingkang bisa gawé migunakakéline modem kanggoADSL nganggo suwara langsung. PirantiSplitter gunané kanggo ngilangake gangguwan nalika migunakaké ADSL modem. KaroSplitter saklorone bisa lumaku bebarengan, mula naraguna bisa njawab lan bisa ngebel kaya racaké, nanging pangguna tetep bisa sesambungan karo internet amarga piranti ADSL modem.
Modem CDMA, ModemCDMA yaiku modem kang migunakakéfrekuensi CDMA 800MHz utawa CDMA 1x lan ana uga kang migunakaké frekuensiEVDO Rev-A (pada baé karo3G) lanteknologi CDMA kang anyar liyané yaiku EVDO Rev-B.