Miranda Kerr |
---|
 Miranda Kerr |
Miyos | (1983-04-20)April 20, 1983 (umur 41) Sydney,Australia |
---|
Pakaryan | Model |
---|
Miranda May Kerr (lair ingSydney,Australia,20 April1983; umur 41 taun) ya ikumodel asalAustralia.[1] Miranda dikenal déning publik kawit dhèwèké dadi salah sawijiningVictoria's Secret Angels, Miranda dhéwé ya iku wong Australia kang wiwitan patisipasi ing iklanVictoria's Secret.[2] Miranda muwuti karire minangka sawijining model nalika umur 13 taun, dhèwèké menang kontès modeling kang dianakake déning majalahDolly lan lenga wangiImpulse.[3]
Karier Miranda kawiwitan nalika tau 1997 nalika dhèwèké mèlu kontès golèk model ing Australia kang dianakake déning Majalah Dolly lan uga lenga wangi Impulse.[4]
2004: Karier Miranda wis katon nalika ing sawijining kampanye iklan kanggo Jeans Ober Paris.
Ing pertengahan taun 2004 Miranda pindah ingNew York.[1] Miranda wis akèh nindakaké peragaan busana kanggo désainer désainer misuwur lan merk sandhangan kaya ta:Heatherette,Alex Perry,Baby Phat,Betsey Johnson,Blugirl,Evisu,Jason Wu,Joanna Mastroianni,John Richmond,Just Cavalli,Lela Rose,Nanette Lepore,Paola Frani,Project Runway,Sass & Bide,Sweetface,Trovata,Twinkle by Wenlan, lanVenexiana.[5]
Miranda éntuk kontrak kanthi kosmetikMaybelline.[6] Pada taun 2007 Miranda resmi dadi sawijiningVictoria's Secret Angels lan dhèwèké uga éntuk kontrak kanthiVictoria's Secret.[7] Miranda uga nggenteni SupermodelMegan Gale minangka ikon sakadepartement store Australia, David Jones.[8] Ing taun 2008 majalahForbes ndadèkaké Miranda ingi posisi sepuluh ing pratélan model kang bayarané gedhé ing donya, kanthi bayaran $3.5 juta.[9]
Miranda uga mbintangi video klipNumber one duwékePharell lanKanye West,[10] lan uga éntuk peran cilik ing sitkomHow I Met Your Mother.[11]
Majalah-majalah kang nampilake Miranda minangka model sampul ing antarané ya iku:Elle Mexico, Harper's Bazaar Inggris, GQ Inggris, Rolling Stone Australia, GQ German.[12]
Miranda ngetokaké produk kecantikan perawat kulit kang 100% dagawe saka organik kang wujud Kora, jeneng Kora dhedhasar tradisi meditasi saka Tibet.[13]
Produk produk Victoria's Secret kang diiklanake déning Miranda ya iku:Victoria's Secret swim Catalogue,[14]Victoria’s Secret Dream Angel Heavenly Enchanted fragrance,[15]Angels Wireless Bra Commercial,[16]Angels Air Push Up Bra Commercial.[17]
Nalika iku Miranda isih gabing ing Modeling Agency:[5]
Modeling Agency |
---|
IMG Models-New York |
IMG Models-Paris |
IMG Models-Milan |
Chic Management |
Traffic Models-Barcelona |
Ing taun 2010, Miranda mragakake busana kanggoSass&Bride,[18]David Jones,[19] lanPrada barengDoutzen Kroes lanAlessandra Ambrosio.[20]
Miranda Kerr ya iku penganut ajaran agama Budhadheweke kandha manawa,
| Aku sinau Buda Jepang. Intine, aku lagi nyinaoni katentreman.[21] | |
Model kang dhuwure 175 cm lan duwé mripat warnabiru,[22] uga sinebut minangka calon penerus SupermodelElle Mcpherson.[23]
Miranda mangan panganan organik kanggo njaga keséhatane.[24] Dhèwèké seneng bayam, alpukat, janganan ijo, lan brokoli.[25] Miranda uga sregep yoga lan pilates kanggo njaga awake supaya tetep ideal.[26]
Ing taun 2007 Miranda pacaran karo AktorOrlando Bloom.[27][28]