Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Mi celor

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih sakaMie Celor)
Mi Celor sakaPalembang

Mi Celor yaikupanganan khas sakaPalembang lanJambi.[1][2]Tembungmi celor dijupuk sakabasa Palembang kang tegesé mi kang dijarangi (basa Indonésia:diseduh).[1][2] Cara masakke mi mung dijarangi, ora digodhog supaya mi tetepkenyal lan ora benyek.[1]

Mi celor uga nganggo duduh kang digawé saka kalduurang laniwak kang diwenehibumbubawang, santen, langandum.[1][3] Duduh mau dikenthelake nganggo kanji supaya bisa nyemek-nyemek.[3] Duduh mi celor warnane oranye semu abang.[2][3]Kanggo njangkepi mi celor yaiku rajanganwortel,tauge, lanendhogbèbèk kang digodhog lan diiris separo.[1]

Mi Celor Jambi

[besut |besut sumber]

Mi celor ing Jambi bisa ditemoni ing kawasan panganan ing jalanSultan Agung Jambi.[2]. Mi celor kang dikenal déning para plancong iki pancen rada unik. Duduh santen mi Celor Jambi wernane semu abang lan rada kenthel padha karo duduhsatePadang nalika disuguhake. Sing mbedakake manèh yaiku urang galah kang dianggo ngganepi suguhan mi celor iki dijupuk langsung sakakaliBatang Hari Jambi.[2] Mi celor padatan dipangan karokrupukiwakpatin utawa urang.[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdeMi Celor PalembangArchived 2011-09-03 at theWayback Machine.(12 Agustus 2011)
  2. abcdefKuliner Khas Jambi, Mie Celor JambiArchived 2010-11-30 at theWayback Machine. (12 Agustus 2011)
  3. abcNyam... Nyam Gurih Wangi Mi Celor (12 Agustus 2011)
Umum
MasakanBali
MasakanJawa
MasakanSundha
MasakanBetawi
MasakanMinangkabau
MasakanSumatra lanMelayu
MasakanBatak
MasakanManado
MasakanMakassar lanBugis
MasakanMaluku lanPapua
MasakanChina Indonésia
Jajanan
Ombèn-ombèn


Tandha stubArtikel magepokanpanganan iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Mi_celor&oldid=1657821"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp