Stasiun TV iki wiwitané duwé konsèp rada béda karo liyané, sabab saliyané ngangkasa sajeroning 24 jam saben dina, stasiun TV iki mung munjeraké acara marang giyaran warta waé. Nanging sajeroning perkembangan sabanjuré, stasiun iki uga nglebokaké unsur hiburan sajeroning program-programé. Metro TV iku stasiun pisanan ing Indonésia kang nyiaraké warta sajeroningbasa Mandarin:Metro Xin Wen, lan uga siji-sijiné stasiun TV ing Indonésia kang ora nasingaké program sinétron. Metro TV uga nayagaké giyaran internasionalabasa Inggris pisanan ing IndonésiaIndonésia Now kang bisa dipirsani saka saindhenging donya. Stasiun iki dikenal ndarbènipresenter warta paling akèh ingIndonésia
Breaking News, iku program warta paling rikat lan anyar wektu ana kadadéan utawa ana prastawa kang wigati. Saben program kang pinuju lumaku bakal diendegaké sawatara kanggo mbiwarakaké program Breaking News iki.
Headline News, iku program warta saben jam sajeroning 2-7 menit, saben dinané. Program iki diadaptasi saka program kang padha ing stasiun televisi internasionalCNN. Sapérangan gedhéHeadline News ditasingaké sajeroningBasa Indonésia, nanging ing jam tinamtuHeadline News diwacakaké sajeroningBasa Inggris
Metro Pagi, iku program warta ésuk Metro TV kang ngangkasa saben dina jam 05:00-06:30WIB. Metro Pagi uga nasingakéLaporanVOA kang disiaraké Voice of America saka Washington saben Senin nganti Jemuah.
Metro Xin Wen, iku program warta mawa basa mandarin kang ngangkasa saben dina jam 08.30-09.00 WIB
Metro This Morning, iku program warta mawa basa Inggris. Ngangkasa saben dina jam 08.30-09.00. Nanging, acara ini berakhir ing awal April 2007.
Indonésia This Morning, iku program wartaBasa Inggris kang nggantèkaké Metro This Morning. Isiné ngenani warta paling anget dari Indonésia lan penjuru donya. Lan, berisi juga laporan cuaca seluruh Indonésia. Ngangkasa saben dina jam 08.05-08.30 WIB. Dibawakan déningZelda Savitri lanCandhice Anggunadinata.
Metro Siang, iku giyaran warta Metro TV kang ngangkasa saben dina jam 12:00-13:00 WIB (ing dina Senin lan Jemuah) lan 12:00-12:30 WIB (ing dina Sabtu lan Minggu).
News Flash, iku program warta telung basa (Basa Inggris, Basa Mandarin lanBasa Indonésia. Ngangkasa saben dina Senin-Jemuah ing pkl 09:30, 12:30, 19:30 WIB sajeroning 5 menit.
World News, iku program warta donya kang ngangkasa sajeroning 30 menit ing dina Senin-Jemuah jam 16:30 WIB. Metro World News iki wis sukses ngayahi wawancara marang manéka pamimpin donya kaya Tony Blair, lan Mahmood Ahmadinejad.
Metro Hari Ini, iku program kanthi dhurasi 1.5 jam ing dina Senin-Sabtu lan 30 menit ing dina Minggu jam 17:30 WIB. Iisiné rangkuman informasi sajeroning sadina.
Suara Anda, iku program warta 30 menit kang nyuguhaké warta kang bisa panjenengan pilih. Ngangkasa ing dina Senin-Jemuah jam 19:00 WIB.
Top Nine News, iku program kang ditunggu. Amarga duwé variasi angka 9. Sangang warta paling ndhuwur ing jam Sangang wengi WIB. Lan ing rubrik angka 8 Top of The top isi 9 warta wigati kang disuguhaké ing sajeroning wektu 90 detik. Ngangkasa ing dina Senin-Jemuah sajeroning 30 menit.
Top Nine News Weekend, iku program sembilan warta teratas jam 21.00 WIB. Lan ing rubrik ke-8 Top of The Week berisi 9 warta menarik kang disuguhaké sajeroning waktu 90 detik. Ngangkasa ing dina Sabtu sajeroning 30 menit.
Metro This Week, iku program warta Metro TV kang berisi rangkuman warta sajeroning sepekan. Ngangkasa saben dina Minggu jam 18:30 WIB sajeroning 30 menit.
Metro Sport, iku program warta ulah raga kang digiyaraké jam 23:05 WIB sajeroning 25 menit.
Metro Malam, iku program warta malam kang digiyaraké jam 00:00 WIB sajeroning 1 jam.
Mario Teguh Golden Ways, iku program motivasti kang ditayangaké saben dina Minggu jam 19.00-20.00 WIB, giyaran ulang ing saben dina Jemuah jam 13.30-14.30 WIB.
Chat Club, iku program talk show kang hadir ing hadapan penonton saben dina Kamis lan Jemuah jam 10:30-11:00 WIB kang dipandhu déning Choky Sitohang.Chat Club iku program kang mbahas manéka topik kang menarik lan disuguhaké kanthi ringan lanhuman interest.
Zona 80, iku program musik kang nayangaké seputar musik lan hiburan ing era-80an
Democrazy, iku program kang nayangaké ngenani komedi debat parté pulitik.
Struktur dewan direksi MetroTV saiki ya ikuWisnu Hadi minangka présidhèn direktur, Lestary Luhur minangka direktur penjualan lan pemasaran, Ana Widjaja minangka direktur keuangan lan administrasi, John Balonso minangka direktur teknik lanElman Saragih minangka pemimpin redaksi.