Metaloid (Yunani:metallon - logam,eidos - mèmper) yaiku golonganunsur kimia kang duwé sipat antaralogam lannon-logam. Metaloid angèl dibédakaké karo logam, béda utama yaiku lumrahé metaloid iku wujudsemikonduktor déné logam wujudkonduktor. Ana 7 unsur kang diklompokaké minangka metaloid, yaiku:boron (B),silikon (Si),germanium (Ge),arsen (As),antimoni (Sb),telurium (Te),polonium (Po), lanastatin (At).
Sajeroning tabel périodik, metaloid mbentuk garis diagonal saka boron tekan polonium. Unsur-unsur ing tengen dhuwur garis iki kalebu non-logam, déné kang dumunung ana ing sisih kiwa ngisor wujud logam.