Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Mesir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Républik Arab Mesir
جمهورية مصر العربية
  • Arab:Jumhūrīyat Miṣr al-ʻArabīyah
    Mesir:Gomhoreyyet Maṣr el-ʿArabeyya
Gendéraning Mesir
Gendéra
Aditamènging Mesir
Aditamèng
Motto: 
Gunagita: Biladi, Biladi, Biladi
Dunungpenering Mesir
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Kairo
JawatbasaArab
PapréntahanRépublik
Kamardikan
• Banyu (%)
0,6%
Population
• Pikira-kira 2005
77.505.756 (15)
• Cacahjiwa 2004
76.117.420
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$282,3 milyar (31)
• Saben wong
US$1.350 (115)
ArtacihnaPound (EGP)
Laladan wektuUTC+2
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+3
Kodhé bèl20
TLD internèt.eg
Sphinx lan pyramid Giza

Républik Arab Mesir, kondhang minangkaMesir, (Arab:مصر‎‎) ikunagara kang sapérangan gedhé wewengkoné dumunung ana ingAfrika pérangan lor-wétan.Kanthi jembar wewengkon watara 997.739 km² Mesir nyakupUjung Sinai (dianggep péranganingAsia Kulon-Kidul), déné sapérangan gedhé wewengkoné dumunung ingAfrika Lor. Mesir wewatesan karoLibya ing sisih kulon,Sudan ing sisih kidul, jalurGaza lanIsraèl ing sisih lor-wétan. Watesé karo tlatah sagara ya ikuSagara Tengah ing sisih lor lanSagara Abang ing sisih wétan.Mayoritas kang ndunungi Mesir manggon ing pinggirKali Nil (watara 40.000 km²). Sapérangan gedhé dharatan minangka péranganingsagara wedhi utawaara-araSahara kang arang dipanggoni.Mesir misuwur kanthiperadaban kuna lan rupa-rupa monumen kuna paling mégah ing donya, upamanéPiramid Giza, KuilKarnak lanLembah Raja sartaKuil Ramses. IngLuxor, sawijining kutha ing tlatah wewengkon kidul, ana artefak kuna kang nyakup watara 65% artefak kuna ing saindhenging donya. Saiki, Mesir diakoni kanthi umum minangka pusat budaya lan pulitik utama ing wewengkon Arab lan Timur Tengah.

Mesir bakal mlebu ing jamantransportasi modhern sawiseSiemens Mobility nuduhake sepurVelaro kang kapisan marang pamarentah lan masarakat Mesir ing lomba TransMEA 2025 ing Kairo.[1]

MiturutNewsweek, Senen (10/11/2025), acara iki uga ditekani dening Perdana Menteri Mostafa Madbouly lan Menteri Transportasi Kamel El-Wazir.[2]

Cara iki tandha jaman anyartransportasi modhern ing wewengkonAfrika lanTimur Tengah padha karo kang wis kelakon Indonesia liwat proyek sepur Whoosh.[3]

Kaunggulan sepur cepat Velaro yaiku bisa nggawa nganti 489penumpang lan bisa mlaku kanthi kacepetan nganti 250 km/jam. Jaringan sepur ing Mesir iki mengko bakal luwih saka 2.000 kilometer, nyambungake kutha-kutha gedhe ing saindenge negara kuwi.[4]

Bebarengan karo iki, Pamerentah Mesir uga ngupayakake negarane marang jaringan sepur sing nyambungake Asia lan Eropa, nanging kreteg kang wis suwe direncanaké kanggo nyambungaké Arab Saudi karo Tanah Sinai ing Mesir durung rampung, miturut omongan Menteri Transportasi Kamel al-Wazir ing dina Minggu.[5]

Mesir wis ngluwihi lan ngembangaké dalan sepuré ing pitu poros kapisah. Iki kalebu telung dalan sepur kacepetan dhuwur sing bakal nyambungake Pelabuhan Sokhna ing Segara Abang karo Segara Mediterania lan Alexandria ing sisih lor, uga karo Aswan ing pucuk sisih kidul.[6]

Pulitik

[besut |besut sumber]

Mesir awangunrepublik wiwit18 Juni1953.Mohamed Hosni Mubarak mengku kalungguhan minangkaPrésidhèn Mesir suwéné limang periode, wiwit14 Oktober1981 sawisé PrésidhènMohammed Anwar el-Sadat diprajaya. Liyané iku, dhèwé uga pemimpinParté Dhémokrat Nasional.Nayakotama Mesir, Dr.Ahmed Nazif dilantik ing9 Juli2004 nggantèkaké Dr.Atef Ebeid.

Kakuwasan ing Mesir diatur kanthi sistemsemipresidensialmultipartai. Sacara teoritis, kakuwasan èksekutif dipara antara présidhèn lan nayakotama nanging sajeroning praktek sadina-dina kakuwasan apunjer ing tangan présidhèn, kang dipilih jaroning Pemilu minangka kandidat tunggal. Mesir uga ngonoaké Pemilu parlemen multipartai.

Ana ing pungkasanFèbruari 2005, Présidhèn Mubarak mbiwara owah-owahan aturan pemilihan présidhèn kanggo Pemilu multikandidat. kanggo sapisanan wiwit1952, rakyat Mesir olèh kasempatan kanggo milih pemimpin saka pratélan warna-warna kandidat. Nanging, paugeran kang anyar uga nerapaké warna-warna watesan saéngga para tokoh, kaya dénéAyman Nour, ora bisa mèlu Pemilihan lan Mubarak menang manèh.

Dhémografi

[besut |besut sumber]

Mesir minangka nagaraArab paling akèh kang ndunungi watara 74 yuta. Mèh kabèh populasi dumunung ing sadawanéKali Nil, mligiIskandariyah lanKairo, lan sadawané Delta Nil lan cedhakTerusan Suez. Mèh 90% saka populasiné pemeluk agamaIslam lan sisanéKristen (mligi denominasiCoptic.Padunung Mesir mèh homogin. PrabawaMediterania (kaya Arab lan Italia) lan Arab muncul ing sisih lor, lan ana sawatara kang ndunungi asli ireng ing sisih kidul. Akèh téyori wis diusulaké bab asal-usul wong Mesir, nanging ora ana kang konklusif, lan kang paling akèh ditampa ya iku masarakat Mesir minangka campuran saka wong Afrika Wétan lan Asiatik kang pindhah menyang lembah Kali Nil sawiséjaman es. Wong Mesir nggunakaké basa saka kulawargaAfro-Asiatik (sadurungé dikenal minangkaHamito-semitic).

Pamérangan Administratif

[besut |besut sumber]

Mesir dipérang dadi 26governorat (muhafazat; tunggal –muhafazah):

Agama

[besut |besut sumber]
Péta Mesir
Gréja Ortodok Coptic ing Aleksandria

Agama duwé peranan wigati tumrap urip ing Mesir. Sacara ora resmi,adan kang dikumandangké ping lima sadina dadi pathokan warna-warna kagiyatan.Kairo uga dikenal kanthi warna-warnamenara masjid langréja. Miturutkonstitusi Mesir, kabèh perundang-undangan kudu cocog karohukum Islam. Nagara ngakonimadahab Hanafi liwatKementrian Agama. Imam dilatih ing sekolah keahlian kanggo imam lan ingUniversitas Al-Azhar, kang duwé komite kanggo mènèhifatwa bab masalah agama.

Sangang puluh persèn kang ndunungi Mesir penganutIslam, mayoritasSunni lan sapérangan uga nganut ajaranSufi lokal. Watara 10% kang ndunungi Mesir nganut agamaKristen; 95% ing denominasiKoptik (Koptik Ortodoks,Katulik Koptik, lanProtèstan Koptik.

Uga delengen

[besut |besut sumber]

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniCategory:Egypt.
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenaniEgypt.
 Yunani
Sagara Tengah
 Turki
Sagara Tengah
 Turki
 Siprus
Sagara Tengah
 LibyaCithakan:Country data Lurung Gaza
 Israèl
West
  Mesir  
East
 Sudan SudanLempongan Aqaba
 Yordania
 Saudi Arabia
Lokal géografis
Praja atmabuh
Kabèh pérangan
Sapérangan
Orthographic projection of Africa
1 Wewengkon kanthi atmabuh ora jelas.
Afrika portal


Nagari-nagari ingWétan Tengah
Arab Saudi |Bahrain |Irak |Iran |Israel |Kuwait |Libanon |Mesir |Oman |Qatar |Suriah |Turki |Uni Emirat Arab |Yaman |Yordania
Kaanggotaan International
Negara-negara anggota
Afganistan · Afrika Kidul · Aljazair · Angola · Arab Saudi · Bahama · Bahrain · Bangladesh · Barbados · Belarus · Belize · Benin · Bhutan · Bolivia · Botswana · Brunei · Burkina Faso · Burundi · Chad · Chili · Djibouti · Republik Dominika · Ekuador · Mesir · Guinea Khatulistiwa · Eritrea · Ethiopia · Gabon · Gambia · Ghana · Grenada · Guatemala · Guinea · Guinea Bissau · Guyana · Honduras · India · Indonesia · Iran · Jamaika · Kamboja · Kamerun · Kenya · Kolombia · Komoro · Republik Kongo · Republik Demokratis Kongo · Koréa Lor · Kuba · Kuwait · Laos · Libanon · Lesotho · Liberia · Libya · Madagaskar · Malawi · Maladewa · Malaysia · Mali · Mauritania · Mauritius · Mongolia · Maroko · Mozambik · Myanmar · Namibia · Nepal · Nikaragua · Niger · Nigeria · Oman · Pakistan · Palestina · Panama · Pantai Gading · Papua Nugini · Peru · Filipina · Qatar · Republik Afrika Tengah · Rwanda · Saint Lucia · Saint Vincent lan Grenadines · Sao Tome lan Principe · Senegal · Seychelles · Sierra Leone · Singapura · Somalia · Sri Lanka · Sudan · Suriname · Swaziland · Suriah · Tanjung Verde · Tanzania · Thailand · Timor Timur · Togo · Trinidad lan Tobago · Tunisia · Turkmenistan · Uganda · Uni Emirat Arab · Uzbekistan · Vanuatu · Venezuela · Vietnam · Yaman · Yordania · Zambia · Zimbabwe
Negara-negara pemantau
Organisasi pemantau

Cithakan:Nagara nganggo basa Afro-Asiatik

Cithakan:Nagara D8Cithakan:Nagara G15Cithakan:Komunitas nagara Sahel-Sahara

Negara anggota lan pengamat LaFrancophonie
Anggota
Albania · Andorra · Belgia(Komunitas Prancis) · Benin · Bulgaria · Burkina Faso · Burundi · Kamboja · Kamerun · Kanada(New Brunswick · Quebec) · Tanjung Verde · Republik Afrika Tengah · Chad · Siprus1 · Komoro · Republik Demokratik Kongo · Republik Kongo · Côte d'Ivoire · Djibouti · Dominika · Mesir · Guyana Katulistiwa · Republik Macedonia · Prancis(kalebuGuyana Prancis · Guadeloupe · Martinique · Saint Pierre lan Miquelon) · Gabon · Ghana1 · Yunani · Guyana · Guinea-Bissau · Haiti · Laos · Luksemburg · Libanon · Madagaskar · Mali · Mauritania · Mauritius · Moldavia · Monako · Maroko · Nigeria · Rumania · Rwanda · St. Lucia · São Tomé lan Príncipe · Senegal · Seychelles · Swiss · Togo · Tunisia · Vanuatu · Vietnam
Flag of La Francophonie
Flag of La Francophonie
Pengamat
1 Associate member.    
Cithakan:Nagara nganggo basa Semitic
Pengawasan otoritasBesut iki ing Wikidata


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
  1. Lainufar, Inas Rifqia (2025-11-13)."Mesir Punya Kereta Cepat Pertama: Kalah Ngebut dari Whoosh, tapi Tahan Gurun Panas".Kompas.com. Dibukak ing2025-11-20.
  2. Lainufar, Inas Rifqia (2025-11-13)."Mesir Punya Kereta Cepat Pertama: Kalah Ngebut dari Whoosh, tapi Tahan Gurun Panas".Kompas.com. Dibukak ing2025-11-20.
  3. Lainufar, Inas Rifqia (2025-11-13)."Mesir Punya Kereta Cepat Pertama: Kalah Ngebut dari Whoosh, tapi Tahan Gurun Panas".Kompas.com. Dibukak ing2025-11-20.
  4. Lainufar, Inas Rifqia (2025-11-13)."Mesir Punya Kereta Cepat Pertama: Kalah Ngebut dari Whoosh, tapi Tahan Gurun Panas".Kompas.com. Dibukak ing2025-11-20.
  5. Werr, Patrick (2025-05-25)."Egypt working to integrate railways into Asia-Europe trade".reuters.com. Dibukak ing2025-11-20.
  6. Werr, Patrick (2025-05-25)."Egypt working to integrate railways into Asia-Europe trade".reuters.com. Dibukak ing2025-11-20.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Mesir&oldid=1737691"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp