Menara Willis utawaMenara Sears inggih punika dumunung ingChicago,Illinois. Amargi antenanipun ing puncak menara, Menara Willis gadhah dhuwur1730 kaki. Menara Willis dados salah satunggalipun gedhong pencakar langitAmérika ingkang paling ikonik.Struktur wewangunanipun inggih punika "dibundel tabung." Sistemipun saking sangang kotak kanthi sisih75 kaki (gadhah lebar sadaya225 x 225 ft btw garis kolom. Rasio dhuwur kanggé wiyaripun 6.45:1. Menara dipundadosaken kanthi nelasake dhana $ 160 juta lan ngginakaken76.000 ton baja,72.000 mèter kubik beton, lan17.500 ton paralatan mekanik. Ing konstruksi nginggilipun, langkung saking2.400 tiyang ingkang nyambut damel wonten ngriku.
Wewangunan punika dipunwiwiti kanthi asmaMenara Tears lan namanipun dipun-gantos dados Menara Willis ing tanggal16Juli2009.[3]
Menara Willis ing wengi
Struktur Menara Willis
- Asma: Willis Tower
- Asma sanès: Sears Tower
- Nomor yasan:117064
- Kitha:Chicago,Illinois
- Nagara:U.S.A.
- Jinis konstruksi: pencakar langit
- Struktural sistem:bundled tube
- Materi struktural:baja
- Facade warna: cemeng
- Arsitektur: gaya internasional
Menara punika naté dipunrenovasi ing taun1980 inggih punika kanthi dipuntambahipaviliun barel-kubah mlebet ing sisih kilèn lan atrium alit ing nglebetipun sisih wétan. Saderengipun,Sears Roebuck lan Co wonten ing sisih ngandhap menara. Ing taun1995 perusahaan dipunpindah ing kompleks ing pinggir kithaChicago Hoffman Estates kilèn laut.[4]
Bangunan-bangunan kang dhuwur |
---|
Bangunan utawa rencana bangunan kang madeg paling dhuwur kurang luwiha 300 meter |
|