Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Melbourne

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Melbourne
Sesawangan kutha Melbourne.
Lokasi Hobart
NagaraAustralia
PrajaVictoria
Dina madeg30 Agustus1835
Jembar wewengkon8.831 km2
Padunung3.744.373 (Sensus 2006)
 -Kapadhetan479,6/km2
BasaBasa Inggris
ZonaAEST(UTC+10)
AEDT (UTC+11)

Melbourne ikukutha krajanprajaVictoria ingAustralia. Melbourne minangka kutha paling wigati kaloro saka babagan bisnis lan kaloro gedhé dhéwé ing Australia sarta kutha gedhé dhéwé ing Victoria. Melbourne minangka kutha krajan Australia taun1901-1927.Walikuthané yaikuJohn So.

Cacahing kang ndunungimetropolitan Melbourne yaiku 3.488.750 jiwa (sensus2001) déné kanggoCity of Melbourne (laladan kutha) dhéwé, kang ndunungi ana 52.117 jiwa.Melbourne wis kaping pindho nampa prédikat minangkaThe World's Most Liveable Cities (kutha paling nyaman kanggo dipanggoni) sakaThe Economist, yaiku ing taun2002 lan2004.

Géografi

[besut |besut sumber]
Barkas:MelbourneCoatOfArms.jpg
Lambang Melbourne

Melbourne dumunung ing pérangan kidul-wétan bawana Australia lan dumunung ing cedhak Port Phillip. Laladan pinggiran Melbourne tuwuh nuruti iliningKali Yarra saka arahPagunungan Yarra lanPagunungan Dandenong, déné ing sisih kidul, tuwuhing kutha kapérang rong arah amarga pernahé Melbourne dhéwé. Arah mangulon ana tlatahGeelong kang dumunung ingBellarine Peninsula déné arah mangétan ana tlatahFrankston yaiku kutha kang dumunung ing pasisir kayaRye,Sorrento,Apollo Bay, lanLorne.

PucukéTanjung Bellarine lanTanjung Mornington mung dipisahaké déning sawijiningselat cilik lan ana layanan panyebrangan.

Iklim

[besut |besut sumber]
Dhata iklim Melbourne
SasiJanFèbMarAprMèiJunJulAguSèpOktNovDhèsTaun
Sumber: Biro Meteorologi[1]
Èlemèn dina liyané
 JanFebMarAprMèiJunJulAguSepOktNovDesTaunan
Rata-rata dina udan8.37.49.311.514.014.215.115.614.814.311.810.5146.7
Rata-rata dina terang6.36.35.74.43.02.52.72.93.43.63.54.448.5
Rata-rata dina mendhung11.29.713.414.918.016.817.216.815.716.415.114.2179.5
Surmber:Biro Meteorologi

Pamaréntahan

[besut |besut sumber]

Sajarah

[besut |besut sumber]

Dhémografi

[besut |besut sumber]
Sesawangan kutha Melbourne

Padunung Melbourne lumrahé turunan saka pendhatang sakaKarajan Manunggal, mligiInggris lanIrlandia kang wissmanggon wiwit jaman biyèn. Nanging wiwit puluhan dasawarsa pungkasan Melbourne ngalami paningkatan sajeroning cacahing pendhatang. Telung golongan pendhatang gedhé dhéwé yaiku sakaYunani,Italia lanVietnam. Saliyané iku, ana uga komunitasTionghoa kang cukup gedhé ing kutha iki.

Budaya lan ulah raga

[besut |besut sumber]

Melbourne kaloka minangka kutha kang senengulah raga. Ulah raga kang populèr ing Melbourne kaleburugbi,kriket,tenis,bal-balan lan bola basket]], nanging kang paling populèr yaikuAustralian Football utawa kang akrab ingaranfooty dénging warga Melbourne. Ulah raga footy pancèn idhèntik karo kutha iki lan praja Victoria lumrahé; punjul setengah tim-tim kang main ingAFL (Liga Australian Football) asal saka Melbourne. Nyebutfootball ing Melbourne tegesé tegesé ulah raga iki, béda karoSydney utawaCanberra, kang tegesé rugbi.

Pariwisata

[besut |besut sumber]
Melbourne Aquarium.

Sawetara obyekpariwisata kang cukup misuwur ing Melbourne antarané:

Saubengé Melbourne

[besut |besut sumber]

Laladan saubengé Melbourne uga duwé atraksi dhéw kaya ta:

Réferènsi

[besut |besut sumber]

<Réferènsi/>

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniMelbourne.
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenaniMelbourne.

Cithakan:Praja Australia

  1. "Climate statistics for Australian locations". Dibukak ing 5 Sèptèmber 2007.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Melbourne&oldid=1615731"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp