Mega antarlintang iku jeneng umum sing diwènèhaké kanggo akumulasigas,plasma lanlebu ing sajeroning sawijininggalaksi. Mega antarlintang iku laladan sing kerapetané sadhuwuré rata-rata kerapetanmedhium antarlintang. Gumantung ing kerapetan, ukuran lansuhu,hidrogen sing ana ing sanjeroné bisa awujud nétral (laladan H I), kaionisasi (laladan H II) ing wangun plasma, utawa molekul (mega molekul). Mega nétral lan sing kaionisasi sok-sok diarani mega sing kasebar (difus), sauntara mega molekul sok-sok ngrujuk ing mega-mega kanthi kerapetan dhuwur.