Sagara Tengah, kadhangkala karanSagara Mediterania ('Mediterrania' tegesé 'dharatan/nagari tengah') ikusagara antarbawana dumunung ing antaranéÉropa ing sisih lor,Afrika ing sisih kidul lanAsia ing sisih wétan, nyakup wewengkon kang jembaré 2,5 yuta km².
Pasang-surut ing Sagara Tengah sithik banget amarga gayutan kang mung sethithik karosamodra.
Iklim Laut Tengah racaké mangsa adhem kang teles lan mangsa panas kang panas lan garing. Tetuwuhan spesial laladan iki ya ikuzaitun,anggur,jeruk,tangerine, lancork.