Kembang Mawar iku kalebu kaluwarganingRosa.[1] Cacah jinisé ana atusan. Wiwit kang thukul umbaran (alasan) nganti kang dibudidayakaké.[1] Mawar ana kang biyasa, ana uga kang thukulé mrambat.[1]
Warnané uga ana rupa-rupa, kang asli racaké awarnaabang,kuning,kuning tela, uga ana kang jambonjambon. Nanging, saiki ana kamajuantèknologi kang bisa malih rupakaké warna, mawar uga ana kang wêrnanébiru,wungu, malah ana kangireng.[1]
Kembang mawar iki wis misuwur ing donya wiwit jaman kalabendu. Lengané didadèkakélengawangi, kang wis misuwur ganda arum lan larang regané. Uga ana manèh kang digawé bahaningsetrup, jenengéRosa canina, amarga akèhvitamin C-né.[1]
Mawar akèh-akèhé nduwéeri, nanging ana kang ora ana eriné.[2]Eri mawar gunané kanggo njaga mawar supaya ora dirusakkéwan langegremet.[3] Awit ana uga kéwan kang sênêng mangan kêmbang.[3] Kéwan iku kalebu kéwan hérbivorahérbivora.[3]Eri kalêbu salah sawijiné organtuwuhan, ya ikuorganaksesoris utawarerenggan.[3] Eri ana kang kalebuaksésoris sajati lan ana kang mung modifikasi.[3]Eri minangka aksésori padatan kang ana ingpang,wit,godhong, lanwoh tuwuhan.[3] Tuladhané ya iku ing wit mawar.[3]
Mawar lumrahé nduwé warna polos, yèn ana campuran warna, lumrahé mung ing pinggiré. Tuladhané mawarputih kang pinggiré jambonjambon, ana uga mawarkuning kang pinggiré rupanéabang.[2] Nanging ana jinis mawar kang trotol-trotol wernané. Mawar iki diarani mawar bathik.[2] Mawarbathik iki ora nduwé eri ing gagangé.[2]
Mawar bathik bisa urip ingdhataran ngisor, nanging yèn kepéngin kembang luwih gedhé lan wernané luwih cêrah kudu ditandur ingdhataran dhuwur.[2]Winih mawar bathik asalé saka sambung pucuk utawagrafting.[2] Carané gagangé mawar bathik disambung karo mawar biyasa ing pucukké. Sawisé2-3wulan, sambungan iki wis siyap ditandur.[2]Tuwuhan iki disiram kaping pindho sedinané.[2] Pupuk kang minangka nyuburké tuwuhan ya iku rabuk N-P-KN-P-K, nanging cukup sewulan sapisan.[2] Rabukkandhang utawarabuk diênggo ngrabyuki nalika sepisanan nandur mawar bathik iki. Yèn dirumat kanthi temen, mawar iki bakal rikat ngembang.[2]
Sari mawar bisa kagunakaké ing kabéh jiniskulit lan ora ndadékaké''iritasi''.[4]Minyak mawar uga bisa kanggo ngundhakakéélastisitas kulit wajah lan ndadékaké luwihlêmbab.[4]Garis kêrutan ing rai uga kêna dicêgah nganggo mawar, saéngga kulit katon luwih sêgêr.[4] Jinis kulit kang akèh jêrawaté lan sensitif uga kêna nggunakaké sari mawar, awit sari mawar bisa kanggo bahan''antiséptik'' kang maténi''baktéri''.[4]Mawar saka spésies''Rosa Canina'' ngandhutvitamin C kang luwih akèh.[4] Vitamin C kang ana ing mawar iki padha karo ping papaté wohblackcurrant lan ping woluné wohjêruk.[4]''Kêlopak''kêmbang mawar uga ngandhutvitamin A lan E,lêmakoméga 3 kang bisa nglêmbabaké kulit supaya kulit katon sêgêr.[4]
Miturut asalé mawar kagolong dadi pira-pira spesiés, mawar sakaÉropah, mawar sakaAmérika, mawar sakaTimur Tengah, mawar sakaCina, lan mawar sakaJepang.[5]