Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Massa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Massa (saka basabasa Yunani μάζα) yaiku sipatfisika saka dzat kang minangka njlèntrèhaké macemé kelakuanéobjek kang dititeni. Ning kagunaané nggal dina, massa racaké dipadhakaké karoberat. Nanging miturut pamahamanilmiah modern,berate dzat iku diakibataké déninginteraksi massa karomedan gravitasi.

Tuladhané iku, aboté dzat sing digawa déning wong sing ana ningBumi bisamengasosiasi aboté dzat iku karo istilah massané. Asosiasi iki bisa uga diterima kanggo dzat-dzat liyané sing ana ningBumi. Nanging bedha manèh manawa dzat iku ana ingBulan, aboté bakal luwih entheng lan luwih gampang digotong, nanging massané tetap padha.

Awaké manungsa kang dijangkepi karo indera-indera perasa kang nggawe awak iki bisa ngrasakaké fenomena-fenomena kang warna-warna ananédiasosiasikaké karo massa.

Newton

Konsep modern massa kawanuhaké déningSir Isaac Newton (1642-1727) yaikugravitasi laninersia kang dikembangaké. Sadurungé, ana fenomena gravitasi lan inersia dideleng dadi masalah kang bedha lan ora duwé gayutan. Nanging, Isaac Newton nggabungaké fenomena-fenomena iki lan ngendika manawa kabèh fenomena iki disebabaké amarga anané massa.

Ékan-ékan massa

[besut |besut sumber]

Piranti kang minangka ngukur massa racaké ikutimbangan. Ning ékanSI, massa diukur ning ékankilogram,kg. Ana uga ékan massa liyané, kaya ta:

  • gram: 1 g = 0,001 kg (1000 g = 1 kg)
  • ton: 1 ton = 1000 kg
  • MeV/c2 (Lumrahé minangka ngemataké massa partikel subatom.)

Ning kaanan kangnormal, abotéobjek iku sabanding karo massané. Nanging kanggo ngerteni bedhané massa karo abot diperlukaké pangukuran kangpresisiné gedhé.Mulané iku amarga anané relativistik antaranémassa karoan ènergi, iku bisa minangka ékan ènergi makili massa. Tuladjané, eV normalé minangka ékan massa (kira-kira 1,783×10−36 kg) ning ngèlmufisika partikel.

Ringkesan saka konsèp massa lan formalisme

[besut |besut sumber]

Ning ngèlmumekanika klasik, massa duwé peranan kang wigati kanggo nentukaké sipat-sifaté dzat. Hukum Newton kang kaping loro njlèntrèhaké manawagayaF yaiku massa benda (m) dipingaké karopercepatana:

F=ma.{\displaystyle \mathbf {F} =m\mathbf {a} \,.}

Ora namung iku, massa uga ana gayutané karomomentump lankecepatanv rumusé:

p=mv,{\displaystyle \mathbf {p} =m\mathbf {v} \,,}

ugaènergi kinetikEk dietung karo kecepatané, rumusé:

Ek=12mv2.{\displaystyle E_{k}={\tfrac {1}{2}}mv^{2}\,.}
Diagram kang ana ing dhuwur iki nggambaraké gayutané limang sipaté massa karotetapan proporsionalitasé kang diubungaké karo limang konsèp. Nggal sampel massa dipercaya duwé limang sipat, Nanging amarga iku aji tetapan proporsionalitas kang gedhé, lumrahé angèl banget anggonéverifikasikaké punjul loro utawa telung sipat kang ana ing sampel massa tartemtu.
*Jari-jari Schwarzschild (rs{\displaystyle r_{s}}) makili kamampuan massa kang bisa mlengkungaké ruang lan wektu.
*Parameter gravitasional standar (μ{\displaystyle \mu }) makili kamampuan benda masif nglakokaké gaya gravitasi Newton déning benda liyané.
* Massa inersia (m{\displaystyle m}) makili respon Newtonian massa déning gaya.
* Energi diam (E0{\displaystyle E_{0}}) makili kamampuan massa diowah dadi wujud ènergi liyané.
*Panjang gelombang Compton (λ{\displaystyle \lambda }) makili respon kuantum massa déning geometri lokal.

Ning ngèlmufisika, bisa dibagi kanthi konseptual mbedakaké paling ora pitung macemmassa utawa pitung fenomena fisika kang bisa dijlentrehaké migunakaké konsèpmassa:[1]

  • Massa inersia yaiku ukuran resistansi objek kanggo ngubah kaanan obahé nalikagaya diterapké. Ditentukaké kanthi cara nerapaké gaya mring objek lan ngukurpercepatan kang dikasilaké déning gayaiku. Objek benda kang massané luwih gedhé duwéinersia kang luwih gedhé uga.
  • Gunggungémateri bisa dietung kanthi teliti nganggo prosèselektrodeposisi utawa prosès-prosès liyané. Massa persis sampel ditentukaké karo ngitung gunggung lan jinis atom-atom kang ana ing jeroné. Ora namung iku, ènergi kang digunakaké nalikapengikatan atom-atom uga digunggung.
  • Massa gravitasional aktif yaiku ukuran kakuwatan fluks gravitasional. Medan gravitasi bisa diukur kanthi cara nibakaké objek tiba lan ngukurperpecapatan tibané benda iku. Contoné, objek kang tiba ningBulan bakal kena medan grafitasi kang cilik, mulaakselerasiné luwih lendhek tinimbang benda iku tiba ning Bumi. Medan gravitasibulan luwih cilik amarga Bulan duwé massa gravitasional aktif kang luwih cilik.
  • Massa gravitasional pasif yaiku ukuran kakuwatan interaksi déning objek karomedan gravitasi. Massa gravitasional pasif ditemtukaké karo mbagi aboté objek karo percepatan tiba bébas objek iku. Ana rong objek ning medan gravitasi kang padha bakal ngalami percepatan kang padha. Nanging objek karo massa gravitasional pasif luwih cilik bakal nemuni gaya kang luwih cilik.
  • Energi uga duwé massa miturut prinsip kesetaraan massa-ènergi. Kesetaraan iki bisa dingerteni saka prosèsfusi nuklir lanlensa gravitasi. Ning fusi nuklir, ana massa diowah dadi ènergi, foton kang kagolong ènergi bisa diweruhi liwat kedaden kang memper karo massa gravitasional pasif.
  • Pelengkunganruang waktu yaiku manifestasi relativistik anané masaa. Pelengkungan iki cilik banget lan angèl ngukuré. Mula iku, fenomena iki tembe baé tinemu sawisé téyori relativitas umum Einstein mrediksikaké.Jam atom karo presisi kang dhuwur banget tinemu lumaku luwih lendhek daripada jam atom kang digunakaké ning ruang akasa. Bedhané wektu iki dijenengidilasi waktu gravitasional.
  • Massa kuantum yaiku béda watarafrekuensi kuantum suatu objek karobilangan gelombangé:m2=ω2k2{\displaystyle m^{2}=\omega ^{2}-k^{2}}. Massa kuantum elektron bisa ditentukaké migunakaké spektroskopi kang akèh macemé lan racaké digathukaké karotetapan Rydberg,jari-jari Bohr, lan jari-jari elektron klasik. Massa kuantum benda kang luwih gedhé bisa baé diukur kanthi langsung minggunakakétimbangan watt.

Réferènsi lan pranala njaba

[besut |besut sumber]
  1. W. Rindler (2006).op. cit.. Oxford: Oxford Univ. Press. kc. 16; Section 1.12.ISBN 0198567316.


Tandha stubArtikel fisika iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Massa&oldid=1623905"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp