Artikel iki macakaksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggoaksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacanaPitulung:Aksara Jawa.
Mluku nganggo lembu ing abad kaping 15
Bebrayan utawamasarakat iku golonganwong kang mangunsistém semu katutup (utawa semu kabukak), ing ngendi sabagéan gedhé interaksi ya iku antarané individu-individu kang ana ing golongan mau. Luwih abstraké, siji bebrayan iku jaringan gegandhéngan-gegandhéngan antarentitas-entitas. Masarakat ikukomunitas kang interdhépèndhen (silih genti gumantung siji lan sijiné). Lumrahé, istilah bebrayan minangka ngacu saklompok wong kang urip bebarengan ing siji komunitas kang temata.
Miturut Syaikh Taqyuddin An-Nabhani, saklompokmanungsa bisa ditelakaké minangka siji bebrayan yèn duwé pamikiran, pangrasa, sarta sistém/angger-angger kang padha. Kanthi pepadhan-pepadhan mau, manungsa banjur silih genti interaksi karo pepadhané kanthi dhasar kamaslahatan.
Masarakat asringdiorganisasiaké kanthi dhasar cara mligi ing panggawéané (basa Indonésia: mata pencaharian). Pakarèlmu sosial ngidhèntifikasi ana: bebrayanpamburu, bebrayan pastoral nomadis, bebrayannenandur, lan bebrayan agrikultural inténsif, kang uga karan bebrayanparadhaban. Sapérangannimpuna nganggep bebrayanindhustri lan pasca-indhustri minangka golongan bebrayan kang kapisah saka bebrayan agrikulturaltradhisional.
Masarakat bisa uga diorganisasiaké kanthi dhasar struktur pulitiké: dhedhasar urutan komplèksitas lan gedhéné, ana bebrayanband,suku,chiefdom, lan bebrayannagara.
Tembungsociety asal sakabasa latin, societas, kang ateges gegandhéngan kekancan karo liyané. Societas didhunaké saka tembung socius kang ategeskanca, saéngga teges society gegandhéngan kenceng karo tembung sosial. Sacara implisit, tembung society ngandhut makna yèn saben anggotané duwé kawigatèn lan kapentingan kang padha kanggo nggayuh tujuan bebarengan.