Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Martin Rodbell

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Martin Rodbell
Martin Rodbell
Lair(1925-12-01)1 Dhésèmber 1925
Baltimore,Maryland, U.S.
Pati7 Dhésèmber 1998(1998-12-07) (umur 73)
Chapel Hill, North Carolina, U.S.
PadununganUnited States
BangsaUnited States
Alma materJohns Hopkins University
University of Washington
Kondhang ingG-proteins
signal transduction
BebungahPenghargaan Nobel dalam Fisiologi atau Kedhokteran (1994)
Gairdner Foundation International Award (1984)
Richard Lounsbery Award (1987)
Karièr ngèlmiah
BabaganBiochemist
InstitutionsNational Institute of Health

Martin Rodbell (Baltimore, Maryland,1 Dhésèmber1925Chapel Hill, North Carolina,7Dhésèmber1998) inggih punika salah satunggaling biokimiawan sakingAmérika Sarékat.[1]

Piyambakipun mlebet ingUniversitas Johns Hopkins wonten ing1943, kanthi minat wonten ing babaganbiologi lansastra Perancis. Wonten ing taun1944, studinipun naté mandheg akibat dinasmilitèr minangka operatorradio wonten ingAngkatan LautAmérika Sarékat sadangunipunPD II. Piyambakipun kondur malih wonten ingJohns Hopkins University nalika taun1946 lan pikantuk gelar sarjana wonten ing babagan biologi nalika taun1949. Rodbell pikantukPh.D. wonten ing babaganbiokimia sakingUniversitas Washington nalika taun1954. Piyambakipun nindakaken karyapascadhoktoral wonten ingUniversitas Illinois, Urbana-Champaign antawis1954-1956. Nalika taun1956, Rodbell pikantuk kedudukan minangkabiokimiawan panaliti wonten ingLembaga Jantung Nasional, péranganLembaga Keséhatan Nasional wonten ingBethesda, Maryland.[2]

Nalika taun1985, Rodbell dados direktur ilmiah ing Lembaga Ilmu Keséhatan Lingkungan Nasional (péranganNational Institutes of Health) wonten ingChapel Hill,North Carolina, ing pundi piyambakipun makarya dumugi pensiun wonten ing taun1994.[3]

Piyambakiun pikantuk Penghargaan Nobel ing babagan Fisiologi utawi Kadhokteran ing taun1994 sesarengan kaliyanAlfred G. Gilman kanggé "penemuan kkalihipun wonten ingprotéin G lan peranprotéin punika wonten ingtransduksi sinyal ing salebetingsel."Rodbell tilar donya (séda) amargi kegagalan organ sabibaripun gerah dangu.

Panalitén

[besut |besut sumber]

"Merefleksikan" analogi umum antawis ngèlmu komputer lan biologi wonten ing taun1960-an, Rodbell piados bilih informasi dhasar ingkang mroses sistem sakingkomputer lanorganisme biologis mirib sanget. Piyambkipun nengenaken bilih sel perorangan analog kaliyan sistem cybernet ingkang kasungsun saking 3 komponènmolekul ingkang bènten:diskriminator,transduser, lanpenguat (utawi dipunkenal minangkaefektor).

Wonten ing wulanDhésèmber taun1969 lan awalJanuari1970, Rodbell makarya ing sawijining timlaboratorium ingkang nyinaoni efekhormonglukagon wonten ingreseptor membranhatitikus-diskriminator sel ingkang nampi sinyal saking njawi. Rodbell manggihaken bilihATP (adenosin trifosfat) saged mbalik aksi "pengikatan" glukagon ingreseptor sel lan lajeng mecahaken glukagon saking sadaya sel. Lajeng piyambakipun nyathet bilih jejakGTP (guanosin trifosfat) saged mbalikaken prosès pengikatan meh kaping 1000 langkung rikat tinimbang ATP. Rodbell nengenaken bilih GTP kemungkinan inggih punika faktor biologis aktif wonten ing mecah glukagon saking reseptor sel, lan GTP rawuh minangka regedan wonten ing eksperimen wiwitanipun kaliyan ATP. GTP ingkang kapanggihaken punika ngrangsang aktivitas wonten ing protéinnukleotidaguanin (lajeng dipunsebut protéin G), ingkang wonten ing giliranipun mrodhuksi efek metabolisme ingkang ageng ing salebeting sel. Pengaktifan protéin G ingkang dipunpostulataken déning Rodbell inggih punika prosès "duta kedua" ingkang sampun dipunteorikaken déningEarl Sutherland, Jr.. Wonten ing basa transduksi sinyal, protéin G, ingkang dipunaktifaken déning GTP, inggih punika komponèn dhasar transduser, ingkang minangka jalur ingkang wiagti antawis diskriminator lan penguat. Lajeng, Rodbell mempostulatakan, lajeng nyamektakaken bukti, protéin G sanéés wonten ing reseptor sel ingkang saged nyegah lan ngaktifaken transduksi meh wonten ing wekdal ingkang sesarengan.[4]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. [1]
  2. [2]
  3. [3]
  4. [4]
1901–1925
1926–1950
1951–1975
1976–2000
2001–saiki
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Martin_Rodbell&oldid=1557655"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp