Nalika taun 2004, Maria Sharapova dados jawara Wimbledon minangka pamenang katiga paling anèm salebeting sajarah. Piyambakipun ngalahakenAi Sugiyama (5 - 7, 7 - 5, 6 - 1) ing perempat final,Lindsay Davenport (2 - 6, 7 - 6, 6 - 1) ing semifinal, lanSerena Williams (6 - 1, 6 - 4) ing final. Piyambakipun ugi dados tiyang Ruslan ingkang pisanan menangi turnamèn wau. IngAS Terbuka sapérangan wulan salajengipun, piyambakipun kalah saking petenis Prancis lan kaping 2 jawara Grand Slam,Mary Pierce. Sharapova mungkasi taun 2004 kanthi kamenangan nalika turnamèn panutup taun, WTA Championships, ngalahaken Serena Williams (4 - 6, 6 - 2, 6 - 4).
Saking wulanJuni2004 dumugi semifinal turnamèn Wimbledon taun2005, Maria Sharapova menangi 22 tetandhingan tanpa mandheg ing lapangan suket, kalebet menangi turnamèn ing Birmingham lan Wimbledon.
Maria Sharapova dumugi semifinalAustralia Terbuka nalika taun 2005. Panjenenganipun dipunasoraken déning Serena Williams (4 - 6, 6 - 2, 6 - 4).Panjenenganipun boten saged mempertahankan gelar Wimbledon-ipun. Panjenenganipun dipunasoraken déningVenus Williams (7 - 6, 6 - 1).Panjenenganipun naté mapan ing peringkat sepindhah salebetipun peringkat tenis WTA, sanadyan namung 1 minggu.Sharapova ugi kalah ing semifinal AS Terbuka 2005. Panjenenganipun nyerah dhumatengKim Clijsters.
Kanthi makaten, ing turnamèn Grand Slam 2005, panjenenganipun kalah teras dhumateng pamenang turnamèn kasebat: Australia Terbuka-semifinal-Serena Williams,Prancis Terbuka-prapat final-Justine Henin, Wimbledon-semifinal-Venus Williams, AS Terbuka-semifinal-Kim Clijsters.
Ing Australia Terbuka 2006, panjenenganipun kalah saking Justine Henin 4 - 6, 6 - 1, 6 - 4.
Maria Sharapova nggayuh gelar sepindhaipun nalika taun 2006 lan gelar kaping 11 ing kariripun ing turnamèn Tier 1, Pacific Life Open ing Indian Wells,California ing pundi panjenenganipun dados unggulan kaping 3. Sharapova lan unggulan kaping 4,Elena Dementieva dados tiyang Ruslan sepindhah ingkang dumugi final ing turnamèn wau. Ing turnamèn salajengipun, Nasdaq-100 Open (sapuniki Sony Ericsson Open), panjenenganipun dipunasorakenSvetlana Kuznetsova ing final kanthi skor 6 - 4, 6 - 3.
Maria Sharapova tumut dhateng turnamèn Prancis Terbuka 2006 tanpa tumut turnamèn-turnamèn ingkang main ing lapangan lemah lempung sadèrèngipun. Panjenenganipun kandheg ing babak sekawan, dipunasoraken déningDinara Safina 7 - 5, 2 - 6, 7 - 5.
Maria Sharapova nyambut mangsa lapangan suket kanthi tumut dhateng turnamèn DFS Classic ing Birmingham, nanging panjenenganipun kalah ing semifinal saking Jamea Jackson.Kanggé kaping kalihipun, ing Wimbledon 2006, panjenenganipun dipunasoraken Amelie Mauresmo ing semifinal kanthi skor 6 - 3, 3 - 6, 6 - 2.
Maria Sharapova pikantuk gelar kaping kalih nalika taun 2006 ing turnamèn Tier 1, Acura Classic ing San Diego minangka unggulan kaping kalih, ngasoraken unggulan sepindhah,Kim Clijsters, 7 - 5, 7 - 5. Puniki wujud kamenangan sepindhah Maria Sharapova saking Clijsters ing 5 patemon kekalihipun.
Maria Sharapova tumut dhateng AS Terbuka 2006 minangka unggulan kaping tiga. Panjenenganipun ngasoraken petenis peringkat sepindhah, Amelie Mauresmo ing semifinal kanthi skor 6 - 0, 4 - 6, 6 - 0. Maria Sharapova salajengipun ngungguliJustine Henin ing final 6 - 4, 6 - 4.
Maria Sharapova ugi menangi turnamèn Zurich Open, ngasorakenDaniela Hantuchova 6 - 1, 4 - 6, 6 - 3 ing final. Maria Sharapova lajeng menangi turnamèn Tier 2, Generali Ladies Linz, ngasoraken petenis sesami Ruslan lan pemenang sadèrèngipun,Nadia Petrova 7 - 5, 6 - 2.
Dumugi panjenenganipun kalah ing turnamèn akir taun, WTA Tour Championships, Sharapova sampun menangi 19 tetandhingan tanpa mandheg. Panjenenganipun mungkasi taun 2006 kanthi rekor 59-9 lan menangi turnamèn Tier 1 langkung kathah katimbang petenis sanèsipun.
Maria Sharapova ugi ngedalaken wara-wara bilih panjenenganipun bakal ngiyataken tim Fed Cup Ruslan kanggé sepidhahipun ing taun 2007.[2]
Maria Sharapova miwiti taun 2007 kanthi dumugi final ing turnamèn ekshibisi lan pemanasan kanggé Australia Terbuka 2007, Watson Water Champions Challenge, ing pundi panjenenganipun dipunasoraken déning Kim Clijters, 6 - 3, 7 - 6(8).
Ing turnamèn Australia Terbuka, unggulan sepindhah Maria Sharapova ngasoraken petenis peringkat kaping 62, Camille Pin ing babak kaping kalih kanthi skor 6 - 3, 4 - 6, 9 - 7. Tetandhingan kasebat dipunmainaken salebeting temperatur udara ingkang panas sanget, 40 °C (104 °F). Ing babak kaping sekawan, Maria Sharapova ngasoraken réncang sanegaranipun, Vera Zvonareva, 7 - 5, 6 - 4. Ing prapat final, Sharapova ngasoraken unggulan kaping 12 Anna Chakvetadze kanthi skor 7 - 6(5), 7 - 5. Panjenenganipun lajeng ngasoraken unggulan kaping sekawan, Kim Clijsters, 6 - 4, 6 - 2 ing semifinal kanggé majeng dhateng final. Nanging, Serena Williams, peringkat kaping 81 donya, menang kanthi gampil, 6 - 1, 6 - 2.
Maria Sharapova lajeng tumut ing Toray Pan Pacific Open, turnamèn Tier 1 ingTokyo,Jepang. Panjenenganipun dados unggulan sepindhah. Ing semifinal, panjenenganipun nyerah dhumateng Ana Ivanovic amargi cedera, 6 - 1, 1 - 0.
Turnamèn salajengipun inggih punika Pacific Life Open ing Indian Wells, California, ing pundi panjenengangipun punika jawara sadèrèngipun lan dados unggulan paling inggil. Kepripun ugi, panjenenganipun kalah saking Vera Zvonareva ing babak kaping sekawan kanthi skor 4 - 6, 7 - 5, 6 - 1.
Ing turnamèn Sony Ericsson Open, ing Key Biscayne,Florida, Maria Sharapova kalah malih kanthi gampil saking Serena Williams, ing babak kaping sekawan kanthi skor 6 - 1, 6 - 1. Ing babak sadèrèngipun, panjenenganipun ngasoraken Yung-Jan Chan lan Venus Williams.
Maria Sharapova dipunjadwalaken bakal main ing turnamèn Family Circle Cup ing Charleston, Carolina Kidul, nanging cedera bahu ingkang njalari panjenenganipun boten saged tumut tur tenis-ipun salami 5 utawi 6 minggu, ingkang ugi ateges panjenenganipun boten bakal main ing tim Fed Cup Ruslan nglawan Spanyol.
Nalika tanggal29 Maret2007:
- Maria Sharapova gadhah rekor 3 - 5 ing semifinal Grand Slam.
- Maria Sharapova gadhah rekor 6 - 12 nglawan juru main top donya (2 - 5 nglawanJustine Henin, 3 - 3 nglawan Svetlana Kuznetsova, lan 1 - 4 nglawan Amelie Mauresmo). Sharapova gadhah rekor 2 - 4 nglawan Serena Williams, lan 3 - 4 nglawan Kim Clijsters, ingkang ugi wujud mantan petenis peringkat sepindhah donya.