Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Manuk unta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Manuk unta
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Animalia
Filum:Chordata
Klas:Aves
Ordho:Struthioniformes
Famili:Struthionidae
Vigors, 1825
Génus:Struthio
Spésies:S. camelus
Jeneng binomial
Struthio camelus
Linnaeus,1758

Manuk unta (Struthio camelus) kalebu manuk kang ukurané gedhé dhéwé kang isih urip.[1] Manuk unta duwé dhuwur2,5méter.[1] Manuk unta uga kena ditumpaki wong diwasa nanging awaké cilik.[1] Manuk unta kang ditunganggi dadikéwan kang dilombakaké.[1] Lumrahé iki dianakaké ingAfrika Utara lanArab.[1] Sanajan kalebu jinising manuk nanging manuk unta ora bisa mabur.[1] Manuk unta kalebu kumpulan primitif kang kurang dikenal ya ikuratit(Palaeognaths).[butuh sitiran]

Manuk unta asalé sakasabana lan péranganara-araAfrika ing zonaalas khatulistiwa.[1]Spesies kang ana ingTimur Tengah, ya ikuS. c. syriacus,nanging spesiés jinis iki wis cures.[1]Manuk unta diingoni lan dadi sumber daging ing kawasan kang sejuk kaya taSwèdhen.[1] Manuk unta nduwé daging kang rasané kayadaging kang ora analemaké.[1]Miturut kapitayan para pandhudhuh, manuk unta dikenal awit ndhelikakéendhasé ingjerolemah nalika ana bebaya.[1] Manuk unta ndelikaké endhasé ing jero lemah nalika ndhéwéké rumangsa wedi, dadi ancasé kanggo njaga awaké nalika anapredhator kang nyeraki.[1] Nalika rumangsa keancem, manuk unta bisa nggawé predhator tatu kanthi nendhang lan nyadhuk nganggosikilé kang kuwat.[1]Anggota liyané golonganPalaeognaths kalebu manukrea,emu,kasuari lan manuk kang ukurané gedhé dhéwé ya ikuAepyornis, nanging manuk jinis iki saiki wis cures.[1]

Deskripsi

[besut |besut sumber]

Manuk unta kalebukéwan kanggetihepanas, nduwéelar lan awak kang ditutupiwulu.[2] Wuluné nduwé fungsi dadi krajang udara, Wulune manuk unta tau populér daditopi kang dianggo wongwadon.[2] Cucuké ora anauntuné lan dhapuré lincip.[2]Manuk unta nduwégulu kang dawa lan bisa lumayu nganti65 km/jam.[2]Manuk unta duwésusoh kanggo angkrem.[2] Susoh dikenal kanthi jeneng susohsarang masarakat.[2] Tegesé punjul siji manuk unta bakal ngendhog ing susoh kang padha.[2] Nalika awan manuk unta wadon kang angkrem déné nalika bengi manuk unta lanang kang angkrem.[2] Endhog manuk unta dadiendhog manuk kang gedhé dhéwé.[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijklmnanimals.nationalgeographic.com(dipunundhuh tanggal 19 Juni 2011)
  2. abcdefghiazcentral.com(dipunundhuh tanggal 19 Juni 2011)


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Manuk_unta&oldid=1624317"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp