Manila (Maynila ing basaFilipino) punika kitha krajanFilipina. Kitha punika dumunung wonten ing sisih wétanLempongan Manila ing pulo paling ageng lan paling lèr Filipina,Luzon. Sanajan taksih wonten sawatawis panggénan tiyang mlarat, kitha punika minangka salah satunggiling kitha kosmopolitan donya lan laladan metropolitanipun dados pusat ékonomi, budaya, pendidikan lan indhustri nagari punika. Manila asring kasebatMutiara Orient.
Manila punika laladan metropolitan kanthi sing ndunungi langkung saking 10 yuta jiwa. Metropolis punika kasebatMetro Manila, nanging asring namung dipuncekak dadosManila kémawon déning tiyang manca nagari, gadhah 17 kitha lan munisipal. Artikel punika namung mbahaskithanipun; pirsaniMetro Manila kanggé artikel bab laladan metropolisipun.
Kitha punika minangka kitha paling padat nomer kalih ing Filipina sasampunipun kithaQuezon, tilas kitha krajan Filipina.
Manila lan laladan saubengipun dipundadosaken satunggil minangka Metro Manila kanggé nggampilaken pengaturan laladan pertumbuhan super cepat punika. Wekdal punika, kitha lan metropolisipun minangka pusat budaya lan ékonomi. Nanging kitha punika ugi gadhah masalahover-populasi,kemacetan, lanpolusi.