Wikipe-tan, wujud wikipedia kang digambaraké ala manga.
Manga (漫画) (waca: man-ga, utawa ma-ng-ga) iku tembungkomik sajeroningbasa Jepang; ing sajabaningJepang, tembung mau dipigunakaké mligi kanggo mratélakaké ngenani komik Jepang.Mangaka (漫画家) (waca: man-ga-ka, utawa ma-ng-ga-ka) iku wong kang nggambarmanga.[1]
Majalah-kalawarta manga ing Jepang lumrahé dumadi saka sawatara sesirah komik kang sabel sesirah ngisi watara 30-40 kaca kalawarta iku (sijichapter/bab). Majalah-kalawarta mau lumrahé duwé kandelwatara 200 nganti 850 kaca. Sawijining sesirah manga kang suksès bisa kababar nganti mataun-taun kaya "ジョジョの奇妙な冒険 / Jojo no Kimyō na Bōken /JoJo's Bizarre Adventure /Misi Rahasia". Lumrahé, sesirah-sesirah kang suksès bisa diangkat dadi wangun animasi (utawa saiki luwih misuwur kanthi istilah ANIME) contoné kayaNaruto, Bleach lanOne Piece
Sawetara manga carita asliné bisa diangkat dhedhasar saka novèl / visual novèl, contoné yaiku adhedhasarBasilisk" (ora beredar ing Indonésia) dhedhasar saka novèl "甲賀忍法帖, Kōga Ninpōchō" déningFutaro Yamada, kang nyaritakaké pertarungan antara klan ninja Tsubagakure Iga lan klan ninja Manjidani Koga. Ana uga kang ngangkat saka segi sajarah, kaya sajarah Telung Krajan (The Three Kingdom) kaya Legenda Naga (Ryuuroden) lan sajarah-sajarah Jepang, kadhang ana kang nganggo jeneng kang bener bener ana, ana uga kang nganggo tokoh fiktif
Sawisé sawatara suwéné, carita-carita saka kalawarta iku bakal dikumpulaké lan dicithak sajeroning wangun buku ukuran biyasa, kang ingarantankōbon (utawa kadhang misuwur minangka istilah volume). Komik sajeroning wangun iki lumrahé dicithak ing sadhuwuring kertas kualitas apik lan migunani tumrap wong-wong kang ora utawa kesèd tuku kalawarta-kalawarta manga kang kababar minggon kang duwé manéka campuran carita/sesirah. Saka wangun tankōbon ini manga lumrahé diterjemahaké sajeroning basa-basa liya ing nagara-nagara liya kaya Indonésia.
Kanggo sawatara sesirah (kang suksès) malah wis/bakal digawé vèrsi manungsa (Live Action, utawa kadhang dicekak minangka L.A. ing jepang), sawatara sesirah kang wis diangkat dadi Live Action yaikuDeath Note, Detektif Conan, GeGeGe no Kintaro, Cutie Honie, Casshern, DevilMan, Saigake!! Otokojuku lan liya liyané[2]
Sabanjuré sapérangan sesirah uga bakal digawé (remake) manèh kanthi internasional déning prodhusèn ing sajabaning Jepang, kaya Amérika, kang gawé filem Live Action Dragon Ball vèrsi Hollywood (20'th Century Fox)[3], lan kabaré uga bakal digawé vèrsi live action sakaDeath Note déning pihak prodhuser kulon[4].
Rata-rata mangaka ing Jepang migunakaké gaya/style prasaja sajeroning nggambar manga. Nanging, gambar latar mburiné amèh kabèh manga digambar supaya realistis, sanadyan gambar karakteré bener-bener prasaja. Para mangaka nggambar prasaja mligi ing pérangan rai, kanthi ciri kas mata gedhé, cangkem cilik lan irung sajumput. Ana uga gaya nggambarLolicon utawaShotacon.
Ora kabèh manga digambaraké kanthi prasaja. Sawetara mangaka migunakaké style kang realistis, sanadyan sajeroning sawatara unsur isih bisa dikategori minangka manga. Kaya contonéVagabond, karyaTakehiko Inoue kang nonjolaké panggunaan arsir, proporsi seimbang lan setting kang realistis.[butuh sitiran] Vagabond dikategori minangka manga amarga gaya penggambaran mata, sarta sawatara pérangan kang simpel. Manga uga biyasa digambar sajeroningmonochrome lan gradasiné kang biyasa ingarantone.
Kanggo komik jangka panjang utawa kang duwé atusan volume, lumrahé seiring karo perkembangan wektu, para mangaka bakal ngalami owah-owahan gorèsan kang cukup signifikan.[butuh sitiran] Conto kang umum ing Indonésia manawa karayaHojo Tsukasa kang sakaCat Eyes owah dadi kaya sajeroningCity Hunter. Utawa karya liyaAh ! My Goddess kang diwiwiti taun1988 lan nganti saiki isih terus lumaku.One Piece andNaruto uga cukup owah yèn dibandhingaké ing gorèsan volume volume wiwitan.[butuh sitiran]
Doujinshi yaiku sebutan tumrap manga kang digawé déningfans manga mau kang duwé alur carita utawa ending kang béda saka manga asliné. Para fans iki biyasa mbagi gethol-tular, didol kanthiindie ing toko doujinshi, utawa mèlukonvensi akbar doujinshi kang biyasa ingaranComiket. Ing kéné didol èwon sesirah doujinshi saben taun. Pengunjungé bisa ngancik 400.000 wong.
Doujinshi dhéwé kadhangkala dadi batu loncatan kanggo dadi mangaka. Ken Akamatsu (Love Hina,Negima) uga kerep gawé dojin karyané dhéwé. Manga kang mawa témahentai lumrahé yaiku dojin saka manga tinamtu kang wis misuwur. Lumrahé karakter manga mau pancèn didésain supaya dadi "sasaran" paradojin-ka (sebutan tumrap kang gawé dojin, padha karomanga-ka).
Loro pangecapan manga gedhé dhéwé ing Indonésia yaikuElex Media Komputindo lanm&c Comics kang dadi péranganinggolongan Gramedia.Watara taun 2005,golongan Gramedia uga wis mbabarLevel Comics, kang luwih kafokus marang pangecapanan manga-mangagenre Seinen (diwasa)Sawetara sesirah (kang wis diterjemahaké / misuwur sajeroning basa Indonésia) kang wis nganggo format wacan ala Jepang (raw) yaiku:
Lumrahé ingaran "hentai" (変態) sajeroning basa Inggris, sanadyan istilahecchi (H) luwih kerep dianggo. Ecchi dhéwé sakbeneré minangka cara panyebutan wong Jepang kanggo aksara "H" saka tembung 'hentai'.
↑Amarga sayektiné kaloro tembung mau (Manga lan Komik) kanggo tegesébuku komik, prabédan kang paling jelas antara sebutan kanggo manga lan komik yaiku kanggo mbédakaké panglompokan, yaikumanga luwih kafokus marang komik-komik Jepang (kadhangkala uga kalebu Asia), lankomik luwih marang komik-komik gawéan Éropah/Kulon, nanging kaloroné duwé makna kang padha.
↑Sama kaya manga, sawetara serial ing jepang kang uga diangkat dhedhasar sakanovèl /visual novèl