Manchester City Football Club yaiku salah siji klubbal-balan profésionalInggris kang main ingLiga Premier Inggris. Klub iki manggon ana ing kutha kang padha karo klubManchester United, kang nduwé markas ingstadionCity of Manchester,Manchester.[2] Manchester City nglakoni bal-balan resmi kang pisanan ing sasi Novèmber taun1880.[3] Nalika iku jenenge isihSt Mark's (West Gorton).[3] Taun1887 banjur ganti dadiArdwick A.F.C, lan ing taun1894 dadiManchester City F.C..The City wis tau dadi juwara liga kaping loro,Piyala FA kaping papat, Piyala Liga kaping loro lan Piyala Winners Éropah sapisan.[3] Periode paling suksès saka klub iki yaiku nalika ana ing pungkasan taun1960an lan wiwitan taun 1970an.[3] Nalika jaman semana manager saka Manchester City yaiku Joe Mercer lan diasistèni déning Malcolm Allison.[3] Pemain city ing jaman semana kaya Colin Bell, Mike Summerbee lan Francis Lee.[3] Taun 2007 klub iki dituku déning milyarder sakaThailand k uga dadiMahamantri Thailand,Thaksin Shinawatra, kang ndadèkaké klub iki dadi salah siji klub Inggris kang dikuwasani déning asing.[3] Taun 2008 The City banjur dituku déning Abu Dhabi United Group.[3] Manchester City dadi jawaraLiga Inggris taun2012.[4]
Seragam kandhang saka Manchester City yaiku warna Biru Langit lan clana Putih.[3] Déné seragam nalika main tandhang yaiku Abang Marun, utawa abang (wiwit taun 1960an) lan Clana ireng.[3] Nanging saiki kadhang-kadhang City uga nganggo warna kostum kang béda.[3] Asal-usul warna seragam kandhang klub ora jelas nanging bukti kang ana yaiku klub wis nganggo warna biru langit wiwit taun 1892 utawa sadurungé.[3]