Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Malaria

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wikipediaora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.
Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan.
Sel getih abang sing kainfèksi déningP.vivax

Malaria iku sajinislelara nular sing ngakibataké watara 350-500 yuta wong kainfèksi lan punjul 1 yuta mati saben taun, mligi ing laladantropis lan ingAfrika.

Kanggo panemuan ngenani jalaran malaria, siji dhokter militèr PrancisCharles Louis Alphonse Laveran dianugerahiBebungah Nobel kanggo Fisiologi lan Medis ing taun1907.

Sebab lan tandha-tandha

[besut |besut sumber]

Malaria disebabaké déningparasitprotozoa.Plasmodium (salah sijiApicomplexa) lan panularan vèktor kanggo parasit malaria manungsa ya ikulemutAnopheles. Rupa sakaPlasmodium falciparum saka parasit iki tanggung jawab marang 80% kasus lan 90% pepati.

Tandha-tandha malaria kalebudemam,nggreges,arthralgia (lara sendhi),muntah-muntah,anemia, lankejang.

Pangobatan

[besut |besut sumber]

Pangobatan malaria gumantung marang jinis parasit lan résistènsi parasit marangklorokuin.

Kanggo siji serangan malaria falciparum akut kanthi parasit sing résisten marang klorokuin, bisa diwènèhi kuinin utawa kuinidin kanthi intravena. Sajeroning jinis malaria liyané arang kadadéan résistènsi marang klorokuin, amarga saka iku racaké diwènèhi klorokuin lan primakuin.

Prinsip pananganan malaria kanthi umum ya iku yèn tanpa komplikasi diwènèhi peroral artesunat kombinasi karo amodiakuin (artesdiakuin) utawa coartem utawa duo-cotexcin, déné malaria kanthi komplikasi diwènèhi artesunat 2,4 mg/kgbb ing jam ka 0 - 12 - 24 - 72 lan saterusé nganti pasien bisa diterapi kanthi oral utawa digunakaké artemeter 3,2 mg/kgbb diterusaké nganggo 1,6 mg/kgbb.

Réferènsi

[besut |besut sumber]
  • Ito J, Ghosh A, Moreira LA, Wimmer EA, Jacobs-Lorena M.Transgenic anopheline mosquitoes impaired in transmission of a malaria parasite.Nature 2002;417:387-8.PMID 12024215

Pranala njaba

[besut |besut sumber]

Vaksin lan riset liyané

[besut |besut sumber]

DDT

[besut |besut sumber]

Animasi, gambar, lan foto

[besut |besut sumber]


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Malaria&oldid=1661417"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp