Mèter iku pétungan dhasar kanggo ngukur dawa-cendhak ing sistem ukurSI. Pétungan iki dhedhasar let kang katempuh ing lakunécahya ing awang-uwung (ruang hampa/vakum) salawasé 1/299.792.458dhetik. Mèter asring dicekak nganggo aksaram..
Batangan standardPrototipe Meter Internasional kagawé sakaplatinum-iridium
. Batangan iki kapigunakaké kanggo standar nganti taun1960. Ing taun iku, sistemSI kang anyar migunakaké dhasaran pètungan spektrumkrypton. Ing taun1983, pètungan mèter kagandhengaké klawan banteré cahya ing awang-uwung.
Mula bukané, meterkatetepaké déningAkademi Sains Perancis (Académie des sciences) kanthi ukuran 1/10.000.000 jarak sadawané kulitBumi sakaKutub Lor ngantiKhatulistiwa ngliwati meridian Paris ing taun1791, lan ing7 April1795Perancis migunakaké mèter dadi jarak baku kanggo dawa. Ora trep lan mesthi pasé pangukuran mau agawéBiro Abot lan Ukuran Internasional (BIPM - Bureau International des Poids et Mesures) ngukuhaké1 mèter kanggo jarak antara rong (2) garisan ing batangan platinum-iridium kang disimpen ingSevres, Perancis ing taun1889.
Ing taun1960, nalikalaser kabiwarakaké,Konferensi Umum prakara Abot lan Ukuran (Conférence Générale des Poids et Mesures/CGPM) angka 11 nggantèaké définisi mèter kanthi 1.650.763,73 png dawané ombak spektrum cahya oranye-abangatomkrypton-86 ing panggonan awang-uwung (vakum). Ing taun1983, BIPM ngukuhaké mèter kanthi jarak kang diliwati cahya ing vakum ing waktu 1/299.792.458 dhetik (banteré cahya katetepaké 299.792.458 mèter per dhetik). Amarga cepeting cahya ing vakum iku padha waé ing ngendi waé, pétungan iki dianggep luwih pramana tinimbang nganggo ukuran dawané kulit bumi.