Nagara-Nagara Mèksiko Sarékat utawaMèksiko (basa AztecMexihco Tlacetililli Tlahtohcayotl;basa Sepanyol:Estados Unidos Mexicanos utawaMexihco,México) ikunagara kang dumunung ingAmérika Lèr, wewatesan karoAmérika Sarékat,Guatemala lanBelize ing sisih kidul-wétan,Samodra Pasifik ing sisih kulon, lanLempongan Mèksiko lanSagara Karibia ing sisih wétan. Nagara iki minangka nagara paing gedhé katelu ing Amérika Latin lan uga nagara kang paling akèh nagnggo basa Sepanyol. Jeneng nagara iki dijupuk saka jeneng kutha krajané, kang asalé saka jeneng kutha krajan kunaAztec yaikuMexico-Tenochtitlan.Mexi iku sapérangan jenengMexitli, yaiku jeneng déwa perang, dénéco tegesépanggonan lanca tegeséwong.
Sajeroning amèh 3.000 taun, Mèksiko dadi panggonan sawataraperadaban maju kaya déné peradabanAmerindian,Maya lanAztec. Tekané panjajahSepanyol pimpinanHernan Cortes ing wiwitan abad angka 16, lan kamenangané saka kaumAztec ing taun1521, nandhani wiwité éra koloni Mèksiko minangkaSepanyol Anyar.
Tanggal 15 September 1810, kamardikan saka Sepanyol dinyatakaké déningMiguel Hidalgo y Costilla ingDolores yaiku kutha cilik. Bab iki dadi titik wiwitan paprangan kamardikan kang dikenali minangkaPerang Kamardikan Mèksiko kang rampung kanthi asil kamardikan ing taun 1821 lan pambentukan Kamaharajan Mèksiko kang sepisanan.
Mèksiko dumadi saka 31 nagari utawaestados lan Laladan Persekuthuan Meksiko utawaDistrito Federal. Kawasan MetropolitanKutha Mèksiko, kalebu ing Laladan Persekuthuan lan kawasan tapel watesé, minangkakutha kang kang ndunungi palin padhet ing donya.