Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Lumut

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jinis lumutMarchantia
Salah sijiné golongan bryophytes

Tuwuhan lumut minangka sakumpulan tuwuhan cilik kang kalebu sajeroningdivisioBryophyta (sakabasa Yunanibryum, "lumut").

Tuwuhan iki wis nuduhaké diferensiasi kang tegas antara organ panyerap hara lan organfotosintetik nanging durung duwéoyot langodhong sajati. Golongan tuwuhan iki uga durung duwé pembuluh sajati. Alih-alih oyot, organ panyerap harané awujudrizoid (barès: "kaya oyot"). Godhong tuwuhan lumut bisa ngayahi fotosintesis. Tuwuhan lumut minangka tuwuhan pelopor, kang tuwuh ing siji panggonan sadurungé tuwuhan liya bisa tuwuh. Iki kedadéan amarga tuwuhan lumut ukurané cilik nanging minangka koloni kang bisa njangkau area kang amba. Jaringan tuwuhan kang mati dadi sumber hara tumrap tuwuhan lumut liya lan tuwuhan kang liyané.

Sajeroning basa sadina-dina, istilah "lumut" bisa tegesé sawatara divisio. Klasifikasi lawas nggabungaké ugalumut hati lanlumut tanduk sajeroning Bryophyta, sa’engga ing sajeroning Bryophyta karangkum lumut tanduk, lumut hati, lan lumut sajati (Musci). Nanging, perkembangan sajeroning taksonomi tuwuhan nuduhaké yèn penggabungan ikiparafiletik wusanané diputusaké misah lumut hati lan lumut tanduk ing sajabané Bryophyta. Ing donya ana watara 4.000 spésies tuwuhan lumut (kalebu lumut hati), 3.000 ing antarané tuwuh ingIndonésia[1].Kebun Raya Cibodas ingJawa Kulon duwé "taman lumut" kang ngolèksi manéka tuwuhan lumut lanlumut hati saka manéka wewengkon ing Indonésia lan donya.

Rujukan

[besut |besut sumber]
  1. The Jakarta Post, August 01, 2007, diakses 2 Agustus 2007 (log in)[pranala mati permanèn]


Tetanduran mawa spora
Tetanduran wiji
Anthophyta
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lumut&oldid=1645853"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp