Los Angeles (IPA:/lɒˈsændʒəlɨs/wonten ingasa Inggris lanIPA:[loˈsaŋxeles] ingbasa Spanyol) punika satunggiling kitha nomer kalih paling ageng ing prajaCalifornia miturut cacahipun sing ndunungi.[1] Asring dipuncekak dadosL.A. kémawon, kitha wau minangka kitha global donya kategori A[2] utawialpha world city[3] Cacah pendudukipun 3.792.621 jiwa miturut Sensus Amérika serikat nalika taun 2010, kutha punika manggèn wonten ing saperanganipunCalifornia, kutha punika minangka kutha ingkang padet utawi rame urutan nomer kalih wonten ing Amérika Sarékat, sabibaripun kuthaNew York. Wiyaripun kutha punika dumugi 46.867 mil2 utawi 121.385.0 kilo mèter, manggèn wonten ing sisih leripun California. TlatahLos Angeles–Long Beach–Santa Ana metropolitan punika gadhah kinten-kinten 13 yuta sing ndunungi.[4] Los Angeles ugi minangka kutha krajanipunLos Angeles County. Los Angeles dipunyasa ingtaun1781 déning gubernurSpanyolFelipe de Neve minangkaEl Pueblo de Nuestra Señora la Reina de los Ángeles de Porciúncula (Désa kanggé para wanita, Putri Malaékat sakingPorciúncula). Kitha punika dados péranganingMexico ing taun1821 sasampunipun mardhika saking Spanyol, lan salajengipun dados péranganingAmérika Sarékat ing taun1848 ing pungkasan PerangMexico-Amérika. Minangka satunggiling kitha global Alpha (alpha city), Los Angeles dados punjerbudaya, punjerteknologi, lan punjerdagang ing donya. kutha punika ugi kalebet kutha ingkang kathah manéka warni ethnis utawi kasil budhayanipun wonten ing Amérika Sarékat. Penduduk ingkang manggèn wonten ing Los ANgeles kasebat "Angelenos".[5]
Los Angeles kamadhegaken tanggal 4 september 1781 déning gubernur Spanyol Felipe de Neve. Kuhta punika dados saperanganipunMeksiko wonten ing taun 1821. taun 1848, wonten ing pungkasaning perang Meksiko-Amérika Sarékat, Los ANgeles lan sadaya kawasan California dipunpundhut lan dipundadosaken peranganipun Traktat Guadalupe Hidalgo, satemah kutha punika dados saperanganipun Amérika Sarékat.
Los Angeles inggih punika pusatipun donya bisnis, perdagangan internasional, hiburan, budaya, médhia, mode, ngèlmu kawruh, ulah raga, teknologi, kaliyan pendidikan terdepan. Kutha punika misuwur kanthi kutha ingkang paling sugih urutan kaping tiga wonten ing donya. Kutha punika ugi kaaran"Kutha krajan Hiburan Dunia" amargi bsinis Hollywood, ingkang mandhégani pandamelanipun produksi televisi, video game, kaliyan musik rekaman kelas donya. Amargi punika andadosaken kathah aktris utawi selebriti ingkang milih menetap gesang wonten ing kutha punika. Kajawi punika, Los ANgeles ugi naté madhegaken acara Olimpiade Mangsa Panas taun 1932 kaliyan 1984.[6]