Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Listrik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Petir salah sijiné wujud listrik

Kalistrikan yaiku sipat barang kang metu saka anané momotan listrik.[1] Listrik uga bisa ditegesi kaya ing ngisor iki:

  • Listrik yaiku kaanan saka partikel subatomik tartamtu, kaya elektron lan proton, kang nyebabake narik lan mentale gaya ing antarané.[1]
  • Listrik yaiku sumber ènergi kang disalurake jalarankabel.[1] Arus listrik ana amarga ana momotan listrik kang ngalir saka saluran positif menyang saluran négatif.[1]

Bareng karo magnetisme, listrik nggawe interaksi fundamental kang diarani elektromagnetisme.[2] Listrik bisa kedaden amarga akèh fenomena fisika kang akèh dingerteni, kaya petis, medan listrik lan arus listrik.[2] Listrik digunakaké ing indhustri kaya elektronik lan tenaga listrik.[2]

Sipate listrik

[besut |besut sumber]

Listrik nyebabake munggahe patang gaya dhasar kang alami lan sipaté kang ajeg ing barang kang bisa diukur.[2] Ana ing kasus iki, frasa “jumlah listrik” uga digunakaké frasa “momotan listrik” lan uga “jumlah momotan”.[2] Ana rong jinis momotan listrik yaiku positif lan négatif.[2] Saka eksperimen, momotan kang padha jinisé bakal padha-padha nulak lan momotan kang béda jinisé bakal tarik-tarikan.[2] Gedhé ne gaya tarikan lan tulakan iku dikukuhaké déning hukm Coulomb. Ana efek saka listrik kang dirembug ing fenomena listrik lan elektromagnetik.[2]

Satan uni SI saka momotan listrik yaiku coulomb, kang duwé singkatan “C”.[2] Simbole Q digunakaké ing persamaan kanggo ngewakili kuantitas listrik utawa matan.[2] Tuladhané, “Q=0,5 C” tegesé “kuantitas momotan listrike yaik 0,5 coulomb”.[2]

Yèn listrik ngalir saka bahan mirunggan, kaya wolfram lan tungsten, cahya pijar kang dipancarake déning logam iku.[2] Bahan-bahan kaya ngono dianggo ing lampu bohlam.[2]

Saben listrik ngalir mawa bahan kang ora duwé hambatan, mula bakal diculake panas.[1] Saya gedhé arus listrike, mula panas kang metu bakal san saya dhuwur.[1] Sipat iki dianggo ing elemensetrika lankompor listrik.[1]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefgpengertian listrik (dipunundhuh tanggal 2 Januari 2013)
  2. abcdefghijklmpengertian arus listrikArchived 2012-11-28 at theWayback Machine. (dipunundhuh tanggal 2 Januari 2013)
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Listrik&oldid=1657439"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp