Lisozim ya ikuenzim kang medhotake ikatan β-1,4-glikosida antaranéasem-N-asetil glukosamin karoasem-N-asetil muramat ingpeptidoglikan saéngga bisa ngrusakdinding selbakteri.[1] Banyu banjur bisa lumebu ing jero sel lan nyebabake sel mlembung lan pungkasane pecah, prosès mau sinebutlisis.[1] Lisozim bisa tinemu ing sekresi kéwan kalebu luh,saliva, lan cuwèran badan kang liyané minangka mekanisme pertahanan badan tumrapinfeksi bakteri.[1] Lisozim bisa matèni bakteri yèn lingkungan panggonan bakteri mau ora ana ing kaananisotonis ya iku konsèntrasi zat terlarut ing jero sel lan ing jaba sel (lingkungan) seimbang saéngga sanajan dinding sel bakteri pecah, banyu ora bakal lumebu ing sel lan lisis ora kedadeyan.[1] Ing kéné, sel kng wis kelangan dinding sel mau diarani minangkaprotoplas.[2] Kaanan isotonis mau bisa digawé kanthi nambahake zat terlarut kaya ta sukrosa ing lingkungan sel (lumrahé wujud cuwèran kaya ta banyu).[1] Suwalikke, yèn sel ana ing lingkungan kanghipotonis ya iku konsèntrasi zat terlarut ing jero sel luwih dhuwur tinimbang lingkungane, banyu bakalberdifusi lumebu ing jero sel lan nyebabake sel pecah (lisis).[1]