Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Lintang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Srengéngé, lintang paling cedhak

Lintang utawawintang iku benda langit kang bisa mancarakécahya dhéwé. Miturutngèlmuastronomi, dhéfinisi lintang yaiku: Kabèh benda masif (duwémassa antarané 0,080,08 nganti 200200massasrengéngé) kang bisa mbangkitakéènergi liwat prosès réaksifusi nuklir. Dadilintang katai putih lanlintang netron kang wismati tetep bisa diarani lintang. Lintang paling cedhak karoBumi yaikusrengéngé kang leté ± 149,680,000kilomèter, banjur lintangProxima Centauri ingrasi lintangCentaurus, leté ± 4taun cahya.

Evolusi

[besut |besut sumber]

Struktur, évolusi, lan nasib akir siji lintang banget diprabawai déning massané. Saliyané iku, komposisi kimia uga mèlu njupuk peran sajeroning skala kang luwih cilik.

Kawanguné lintang

[besut |besut sumber]

Lintang kawangun sajeroningawan molekul; yaiku laladanmédhium antarlintang kang wiyar kanthi karapetan kang dhuwur (sanajan isih kurang rapet yèn dibandhingaké karo sijivacuum chamber kang ana ing Bumi). Awan iki akèh-akèhé kapérang sakahidrogen kanthi watara 23–28%helium lan sapérangan persèn èlemèn abot. Komposisi elemen sajeroning awan iki ora owah akèh wiwit prastawanukleosintesis Big Bang nalika awalalam semesta.

Gravitasi njupuk peran wigati banget sajeroning prosès pawangunan lintang. Pawangunan lintang diwiwiti kanthi ora stabilé gravitasi ing njero awan molekul kang bisa duwé massa èwonan tikelé saka srengéngé. Kaorastabilan iki asring dipicu déning gelombang kejut sakasupernova utawa tumbukan antarané ronggalaksi. Sepisan waé siji wewengkon nggayuhkerapetan matéri kang nyukupi sarat dumadinéinstabilitas Jeans, awan mau wiwit runtuh ing sangisoré gaya gravitasiné dhéwé.

Adhedasar sarat instabilitas Jeansinstabilitas jeans, lintang ora kawangun dhéwé-dhéwé, nanging sajeroning golongan kang asalé saka siji karuntuhan ing siji awan molekul kang gedhé, banjur kapecah dadi konglomerasi individual. Babagan iki dijurung déning pangamatan ing ngendi akèh lintang kang umuré padha kagabung sajeroning gugus utawa asosiasi lintang.

Nalika awan runtuh, bakal dumadi konglomerasi individual saka lebu lan gas kang padhet kang diaraniglobula Bok. Globula Bok iki bisa duwé massa nganti kaping 50 massa srengéngé. Runtuhé globula njalari karapetan tambah. Ing prosès iki ènergi gravitasi diowahi dadi ènergi panas saéngga suhu mundhak. Nalika awan protolintang iki nggayuhkasetimbangan hidrostatik, sijiprotolintang bakal kawangun ing intiné.Lintang pra dhèrèt utama iki asring dikupengi déningpiringan protoplanet. Pangerutan utawa karuntuhan awan molekul iki mangan wektu nganti puluhan yuta taun. Nalika paningkatan suhu ing inti protolintang nggayuh kisaran 10 yuta kelvin, hidrogen ing inti 'kobong' dadi helium sajeroning siji réaksi termonuklir. Réaksi nuklir ing njero inti lintang nyedhiakaké cukup ènergi kanggo njaga tekanan ing pusat saéngga prosès pangerutan mandheg. Protolintang saiki miwiti kauripan anyar minangka lintangdhèrèt utama.

Dhèrèt utama

[besut |besut sumber]

Lintang ngentèkaké watara 90% umuré kanggo ngobong hidrogen sajeroning réaksi fusi kang ngasilaké helium kanthi suhu lan tekanan kang dhuwur banget ing intiné. Ing fase iki lintang ditélakaké ada sajeroningdhèrèt utama lan diarani lintang katai.

Akir siji lintang

[besut |besut sumber]

Nalika kandhutanhidrogen ing téras lintang entèk, téras lintang saya cilik lan mbébasaké akèh panas lan manasaké lapisan njaba lintang. Lapisan njaba lintang kang isih akèhhidrogen ngembang lan salin warnaabang kang diaranilintang raseksa abang kang ukurané bisa nganti kaping 100 saka ukuran srengéngé sadurungé mbentuk lintang kerdil putih. Manawa lintang mau ukurané luwih gedhé tinimbangsrengéngé, lintang mau bakal mbentuksuperraseksa abang. Superraseksa abang iki banjur mbentuknova utawasupernova lan banjur mbentuklintang neutron utawaluwang ireng (black hole).


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lintang&oldid=1706104"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp