Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Lilin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
lilin di Candhi Buda

Lilin ya iku blok solid saka Wax kanthi sumbu kang tumancep disumed kanggo madhangi panggonan kang peteng, kadhang-kadhang krasa panas. Miturut sajarah, lilin digunakaké minangka metode kanggo njaga wektu. Lilin iku duwé manfaat kanggo penerangan.[1] Nanging ana uga lilin kanggoaromaterapi.[1] Lilin iki ambuné wangi lan bisa ndadékaké swasana kang nyenengaké awit ambuné kang nggawé rileks.[1] Lilin akèh maceme, lumrahé dhapurélonjong utawa silinder.[1] Nanging ana uga lilin kang dhapuré warna-warna.[1]

lilin ulang taun

Balikpapan,Sorong lanPlaju kalebu laladan penyuplai bahan bakulenga bumi kanggo nggawé lilin.[2] Saliyané iku bahan baku kanggo nggawé lilin uga bisa diimpor saka nagaraCina.[2] Bahan baku kanggo nggawé lilin saka olahan lenga bumi kang diaraniparaffin.[2]

Lilin Natal

[besut |besut sumber]

Wis dadi tradisi tumrap umatKristen nalika ibadhahNatal mesti anapenyalaan lilin kanthi massal.[3] Moment iki kalebu momen wajib ing acara Natal.[3] Lilin nglambangaké Kristus kang bisa dadi pepadhanging donya.[3] Nalika penyalaan lilin, lampu-lampu dipateni. Swasana kang kaya mengkené sang saya gawé hikmat lan trenyuh tumrapibadhah Natal.[3] Saliyané nguripake lilin para umat Kristen uga nyanyekakélaguMalam Kudus.[3]

Geni

[besut |besut sumber]

Nalika kenapanasparaffin kang ora kebakar bakal terurai.[4] Paraffin iki dadipartikel-partikelkarbon kang cikil banget.[4] Partikel-partikel iki amarga kena panas saka pembakaran bakal berpendar, lan cahyané rupanékuning padhang.[4] Nalika partikel-partikel karbon lan ngetokaké cahya kang ingkang padhang piyambak, méh kabéh éntukoksigèn kang nggawé geni saya padhang.[4] Kadadéan iki padha karo lampulenga liun utawa lengagas,kertas kang dibakar,api unggun,alas kobong, omah kobong, kabéh iku mau duwégeni kang wernané kuning.[4] Nanging amarga udara ora bisa rikat ngalir kanggo nggawé bahan bakar kebakar mulané kabéh bakal dadikarbondioksida lanbanyu.[4]

Lilin dianggep duwé makna éndah,romantis.[5] Nanging geni lilin uga bisa mbebayani.[5] Geni kang panas iki bisa ngobong omah, luwih-luwih yèn omahé digawé saka kayu lan anaangin gedhé.[5] Rong prekara iki kang njalari omah kebakar amarga geni lilin.[5] Lilin kena diuripké lan diséléhaké panggonan kang aman saéngga ora njalari kebakaran.[5]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. 12345balihandicraft.web.idArchived 2011-10-09 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  2. 123bandung.detik.com(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  3. 12345sosbud.kompasiana.comArchived 2010-07-22 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
  4. 123456isidunia.comArchived 2011-06-07 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
  5. 12345metrotvnews.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lilin&oldid=1666077"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp